Ing ndalem hadis kasebat, dipunjlentrehaken menawi rambut lan kuku ingkang dilarang kangge dipunpotong inggih meniko rambut lan kuku shohibul kurban, sanes rambut lan kuku kewan kurban.
Lan larangan kasebat ndamel cara nopo mawon lan bagian kuku lan rambut pundimawon. Baik rambut meniko thukul ing sirah, brengos, sawentawis kemaluan utawi ing ketiak. Larangan mencukur kasebat termasuk mencukur telas, mendekaken, nyabut, utawi ngobong.
Upaminipun niat badhe berkurban muncul sasampunipun mlebet sasi Dzulhijjah. Mila kedahipun saat menikolah sampun ngantos motong kuku lan rambut dumugi kewan kurban disembelih.
Jama’ah sholat jum’at rahimakumullah
Kaping kalih, larangan nyade daging, kulit utawi nopo mawon saking kewan kurban.
Naliko kewan ternak sampun disembelih dados daging kewan kurban, mila sadayaning saking kewan kurban kasebat kedah enggal dipunbagikaken utawi dipunsukakaken dados hadiah. Mpun ngantos wonten ingkang dipunsade baik meniko kulitipun, sukunipun, sirahipun utawi ingkang sanes.
Allah ta’ala berfirman,
لِيَشْهَدُوا مَنَافِعَ لَهُمْ وَيَذْكُرُوا اسْمَ اللَّهِ فِي أَيَّامٍ مَعْلُومَاتٍ عَلَى مَا رَزَقَهُمْ مِنْ بَهِيمَةِ الأنْعَامِ فَكُلُوا مِنْهَا وَأَطْعِمُوا الْبَائِسَ الْفَقِيرَ
Maknanipun: “Supoyo dheweke kabeh mirsani berbagai faedah kanggo dheweke kabeh lan supoyo dheweke kabeh nyebut nama Allah ing dina kang wis katemtokake atas rezeki kang Allah wis wenehake marang dheweke kabeh rupo kewan ternak. Mula mangano sebagian daripadane lan (sebahagian maneh) wenehono kanggo dipangan wong-wong kang nalangsa lan fakir.” (QS. Al Hajj: 28)
Sawentawis lebet setunggaling hadits riwayat Abu Hurairah, Kanjeng Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam bersabda,
مَنْ بَاعَ جِلْدَ أُضْحِيَّتِهِ فَلاَ أُضْحِيَّةَ لَهُ
Artosipun: “Barangsapa ngedol kulit kasil sembelihan kurban, mula ora ana kurban kanggo dheweke.” (HR. al Hakim)
Berdasar kalih hadist kasebat sampun jelas lan teges khusus kangge tiyang ingkang badhe berkurban mboten angsal nyade nopo mawon saking kewan ingkang dikurbankan.
BACA HALAMAN BERIKUTNYA..