Contoh Teks Khutbah Jumat Spesial Bulan Safar PDF Terbaru: Bulan Safar Bukan Bulan Sial (B. Jawa)

Bulan Safar
Bulan Safar

Kemudaratan lan kesialan saget ndhawahi kito kapan mawon, mboten kedah ing wulan-wulan tertamtu. Saking ngrikilah kito dipunajeng-ajeng kangge tansah njagi dhiri, nglampahaken usaha-usaha pencegahan, termasuk dongo nyuwun perlindungan dhateng Allah saben dinten. Donga ingkang saged dipunwaos inggih meniko:

 بِسْمِ اللَّهِ الَّذِي لَا يَضُرُّ مَعَ اسْمِهِ شَيْءٌ فِي الْأَرْضِ وَلَا فِي السَّمَاءِ وَهُوَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ

Bacaan Lainnya

“Kelawan nyebat asmanipun Allah ingkang sareng asmanipun mboten bakal wonten menopo-menopo ing bumi lan ing langit ingkang sanggup ndugikaken mudarat. Allah ingkang maha-mireng malih maha-sumerap.”

Sinten tiyangipun ingkang maos dongo kasebat enjing lan sonten, mila piyambakipun mboten bakal nampi akibat awon saking malapetaka. Katrangan bab dongo meniko saged dipunpanggihaken lebet hadits riwayat Abu Dawud, at-Tirmidzi, lan Ibnu Majah.

Jamaah shalat jemuwah hafidhakumullâh,

Kabegjan sejatos inggih meniko kala setunggaling tiyang kawulo ngisi wekdalipun kangge nglampahaken ketaatan dhateng Allah. Sa-wangsulipun, rugi inggih meniko naliko salah setunggaling tiyang nyia-nyiakaken wekdalipun, termasuk naliko ing wulan-wulan mulia.

Mboten wonten sasi sial, ingkang wonten inggih meniko menopo lampahan kito mbekta maslahat menopo mboten, baik kangge kito piyambak utawi tiyang sanes. Meniko lah momentum sae kangge langkung menghargai wekdal, kelawan bangun optimisme lan semangat menghamba dhateng Allah setulus-tulusipun.

Syekh Ibnu Rajab al-Hanbali lebet Lathâif al-ma’ârif fîmâ li mawâsim al-‘am min al-wadhâif, gadhah pesen nglangkungi syair:

 كَمْ ذَا التَّمَادِي فَهَا قَدْ جَاءَنَا صَفَرُ … شَهْرٌ بِهِ الْفَوْزُ وَالتَّوْفِيْقُ وَالظَّفَرُ

“kathah tiyang ingkang nggadhahi tuntutan, mila meniko sampun dugi sasi sapar dhateng kito. Sasi ingkang dipuntumuti kaliyan kemenangan, taufik, lan keberhasilan.”

  فَابْدَأْ بِمَا شِئْتَ مِنْ فِعْلٍ تَسُرُّ بِهِ … يَوْمَ الْمَعَادِ فَفِيْهِ الْخَيْرُ يَنْتَظِرُ

“Mila mulailah lampah menopo-menopo ingkang badhe ndamel siro remen ing dinten wangsul (dinten kiamat), mila ing ngriko siro bakal ningali kesaenan.”

تُوْبُوا إِلَى اللهِ فِيْهِ مِنْ ذُنُوْبِكُمْ … مِنْ قَبْلُ يَبْلُغُ فِيْكُمْ حَدُّهُ الْعُمْرُ

“Taubato dhateng Allah ing sasi sapar saking dosa-dosa, saderenge wates akhir umur murugi ing siro”.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait