Download Khutbah Jumat Bahasa Jawa PDF Terbaru: Resep Agar Keluarga Bahagia

ilustrasi keluarga bahagia
ilustrasi keluarga bahagia

Ayat meniko negesake bilih Gusti Allah lan poro malaikat sami maos sholawat dumateng Kanjeng Nabi Muhammad, soho dados dalil kagem kito sedoyo tiyang mukmin supados sami maos sholawat.

Lajeng, kito nderek pituduh ingkang sampun dipun dawuhaken lan contohaken kaliyan Kanjeng Nabi ingatase babakan agomo lan perkawis lintune.

Bacaan Lainnya

Jamaah Jumat Ingkang Minulyo

Kedah kito mangertosi, wonten pagesangan ing dunyo meniko katah perkawis ingkang dereng tuntas, yakni tasih mbetahaken pituduh saking Kanjeng Nabi, khususe kados pundi amrih saget mbungahaken keluarga miturut resepipun Kanjeng Nabi. Setunggale hadis riwayat Muslim dawuhaken:

عَنْ ثَوْبَانَ قَالَ قَالَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ أَفْضَلُ دِينَارٍ يُنْفِقُهُ الرَّجُلُ دِينَارٌ يُنْفِقُهُ عَلَى عِيَالِهِ

Artosipun: Dipun riwayataken saking Tsauban, piyambake dawuh bilih Rasulullah ngendiko, sakbagus-baguse bondo ingkang dinafkahaken yoiku bondo ingkang dinafkahaken kagem keluarga (HR Muslim).

Maksud hadis kasebat dipun pertelaaken wonten kitab Al-Kaukab Al-Wahaj Syarahipun kitab Muslim, bondo ingkang paling gede ganjarane nggih meniko bondo ingkang dipun paringaken kagem keluargane kados garwone, putra-putrine, juru ladine /khadim.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait