Khutbah Jumat Bulan Rajab NU PDF: Rajab Adalah Bulan Menanam Kebaikan (B. Jawa)

Ilustrasi Sujud
Ilustrasi Sujud

KHUTBAH JUMAT PERTAMA

   اَلْحَمْدُ للهِ، اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِيْ فَضَّلَنَا بِشَهْرِ رَجَبَ، وَهُوَ الَّذِيْ اصْطَفَى نَبِيَّنَا مُحَمَّدًا ﷺ الْمُجْتَبَى الْمُؤَيَّد. اَللَّهُمَّ فَصَلِّ وَسَلِّمَ وَبَارِكْ وَتَرَحَّمْ وَتَحَنَّنْ عَلَى مَنْ بِهِ تُرْجَى شَفَاعَتُهُ يَوْمَ الْمَآبِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ رَبُّ الْعِبَادِ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْمَبْعُوْثُ إِلَى سَائِرِ الْأَعَاجِمِ وَالْعَرَب. أما بعد

فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْنِىْ نَفْسِيْ وَإِيَّاكُمْ بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ، سُبْحَانَ الَّذِي أَسْرَى بِعَبْدِهِ لَيْلًا مِنَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ إِلَى الْمَسْجِدِ الْأَقْصَى الَّذِي بَارَكْنَا حَوْلَهُ لِنُرِيَهُ مِنْ آيَاتِنَا إِنَّهُ هُوَ السَّمِيعُ الْبَصِيرُ

Bacaan Lainnya

Jamaah Jumat Rahimakumullah

Kula berwasiat dhateng dhiri piyambak, ugi hadirin jamaah sekalian sumangga sareng-sareng ningkataken takwa dhateng allah kaliyan usaha nglampahaken perintah lan nebihi larangan-ipun.

Hadirin Jemuwah ingkang bahagia

Kados ingkang sampun kita mangertosi, Rejeb inggih meniko kelebet sasi wigatos lan utami lebet sawarsa. Ing sasi meniko tiyang-tiyang dilarang nglampahaken peperangan lan ngangkat senjata. Dados sinten mawon rumaos aman.

Malah para pakar fiqih ngawrati sanksi diyat kangge sintena ingkang mejahi salah setunggaling tiyang ing bulan-bulan meniko kaliyan hukuman ingkang langkung awrat.

AL-Imam Fakhruddin ar-Razi lebet tafsiripun njlentrehaken tentang sekawan sasi ingkang dimuliakan kasebat:

 وَمَعْنَى الْحُرُمِ: أَنَّ الْمَعْصِيَةَ فِيهَا أَشَدُّ عِقَابًا، وَالطَّاعَةَ فِيهَا أَكْثَرُ ثَوَابًا

Artosipun: Ingkang dipunmaksud kaliyan bulan-bulan ingkang dimuliakan ing ngriki, saestunipun maksiat lebeting sasi meniko siksanipun langkung awrat. Bilih nglampahaken ketaatan, pahalanipun bakal ditikelaken.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait