Khutbah Jumat Bulan Rajab NU PDF: Rajab Adalah Bulan Menanam Kebaikan (B. Jawa)

Ilustrasi Sujud
Ilustrasi Sujud

Ing sasi Rejeb meniko kedah dados pangemut kangge ngresiki badan saking kotoran maksiat. Sumangga kita lereni caci maki, nyebar kabar bohong, hoaks, fitnah ngerasani sesami warga lan sedoyo lampahan ingkang mboten patut dipunlampahaken dening tiyang muslim. Ilingo, dosanipun bakal ditikelaken kaliyan Allah SWT.

Kita perlu waspodo, lampahan dosa ing sasi meniko mboten dolanan. Menawi perang ingkang jelas-jelas mbela Agami Islam ing masa Rasulullah mawon dipunperintah mendel amargi ngurmati sasi mulia, menopo malih caci maki lan ujaran kebencian, mila kedahipun dipunkendelaken sameniko ugi. Mboten perlu ngentosi mbenjing-mbenjing. Sumangga kita wiwit konsentrasi mikir akhirat ingkang kekal, nyambut sasi pasa ingkang suci inggih meniko sasi Ramadhan.

Bacaan Lainnya

Al-Imam Dzun nûn al-Mishriy sanjang:

 رَجَبٌ شَهْرُ الزَّرْعِ، وَشَعْبَانُ شَهْرُ السَّقْيِ، وَرَمَضَانُ شَهْرُ الْحَصَادِ

Artosipun: Rejeb inggih meniko sasi nanem, syaban inggih meniko sasi nyiram, dene pasa inggih meniko sasi panen.

 وَكُلٌّ يَحْصُدُ مَا زَرَعَ، فَمَنْ ضَيَّعَ الزِّرَاعَةَ نَدِمَ يَوْمَ الْحَصَادِ

Artosipun: Saben tiyang badhe ngunduh atas menopo ingkang piyambakipun tanem. barang sinten ingkang mboten ngerumat tanamanipun, piyambakipun badhe getun nalika mangsa panen.

Hadirin ingkang dirahmati Allah

Ing sasi rejeb dados sasi nanem meniko, sampun ngantos kita nandur keawonan. Minimal, bilih kita mboten saged nanem kelawan bantu utawi ndamel tiyang sanes bungah, samboten-mbotenipun sampun ngantos kita ngrugikaken tiyang sanes. Sampun ngantos ngelarani tiyang lintu. Sumangga wiwit saking sasi rejeb ingkang mulia meniko.

Amargi midherek mayoritas ulama, kelebet ing antawisipun inggih meniko Imam Nawawi lebeting kitabipun ar-raudhah jelasaken ing dalu tanggal 27 Rejeb, rumiyin Nabi Muhammad diisra’ utawi dititahkan Allah nglampahaken perjalanan dalu saking Baitul Haram, Makkah tumuju Baitul Maqdis, Palestina.

Sasampunipun, Rasul dipuninggahaken saking Baitul Maqdis, Palestina tumuju Sidratil Muntaha kaliyan dipunkancani malaikat Jibril. Singkat cerito, ing ngriku Nabi Muhammad angsal mandat shalat gangsal wekdal ingkang dipunwajibaken dhateng sedaya umat Muhammad.

Maasyiral hadirin

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait