Contoh Khutbah Jumat PDF Bulan Rajab: Tiga Amalan Mulia di Bulan Rajab (B. Jawa)

ilustrasi bulan rajab
Ilustrasi Bulan Rajab

Lajeng dipunlajengaken saking Masjidil Aqsha tumuju Sidratil Muntaha kangge sowan Allah SWT sang pencipta alam semesta. Sakepripun Firman Allah SWT lebet serat isra’ ayat 1:

 سُبْحٰنَ الَّذِيْٓ اَسْرٰى بِعَبْدِهٖ لَيْلًا مِّنَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ اِلَى الْمَسْجِدِ الْاَقْصَا الَّذِيْ بٰرَكْنَا حَوْلَهٗ لِنُرِيَهٗ مِنْ اٰيٰتِنَاۗ اِنَّهٗ هُوَ السَّمِيْعُ الْبَصِيْرُ

Bacaan Lainnya

Artosipun: Moho-suci Allah, kang wis memerjalankan kawulane ing siji wengi saka Masjidil Haram menyang Masjid Aqsho kang wis kito berkahi sekelilinge ben kito tuduhake sebagian soko tondho-tondho (kebesaran) kito. Setuhune Allah yaiku moho mirengake lagi moho weruh.”

Peristiwa kasebat ugi angsal penjelasan lebet shahih Bukhari, juz 5 halaman 52. Nabi Muhammad Saw kepanggih kaliyan Allah Swt. Allah SWT paring perintah Nabi kangge nglampahaken Shalat Fardlu sakathah 50 rakaat saben dinten.

Nabi nampi lan lajeng wangsul, lebeting perjalanan, Nabi kepanggih kaliyan Nabi Musa AS, Nabi musa ngemutaken menawi umat Nabi Muhammad mboten bakal kuwat nampi perintah shalat kaping 50 sadinten, Nabi Musa sanjang, umatipun sampun mbuktikakenipun.

Lajeng nyuwun dhateng Nabi Muhammad kangge wangsul ing Allah Swt, nyuwuno keringanan. Lajeng Nabi sowan dhateng Allah lan dipunsudo dados 10 wekdal. Lajeng Nabi Muhammad wangsul dhateng Nabi Musa, lan Nabi Musa ngemutaken kados ingkang awal.

Wangsul kanjeng Nabi sowan Allah ngantos kaping 2, lan pungkasanipun Allah majibaken shalat 5 wekdal. Nabi Muhammad wangsul ing Nabi Musa, Nabi Musa tetep sanjang menawi umatipun mboten bakal kiyat, Nabi Muhammad mangsuli: kula isin kangge sowan malih dhateng allah SWT. Kula Ridha lan pasrah dhateng Allah SWT.

Jamaah shalat jemuwah hafidhakumullah

Peristiwa isra’ lan mi’raj ingkang kedados ing sasi Rejeb saya nambah kaliyan kamulyan sasi meniko, lajeng amalan menopo ingkang kedah dipunlampahaken lebeting sasi Rejeb ingkang mulia meniko?

Ingkang awal, inggih meniko nglampahaken siyam sunah ing sasi Rejeb. Kekait kesunahan siyam ing sasi Rejeb meniko wonten hadits ingkang diriwayatkan dening Imam Muslim lebeting kitob sahih muslim juz 2 halaman 811:

 حَدَّثَنَا عُثْمَانُ بْنُ حَكِيمٍ الْأَنْصَارِيُّ، قَالَ: سَأَلْتُ سَعِيدَ بْنَ جُبَيْرٍ، عَنْ صَوْمِ رَجَبٍ وَنَحْنُ يَوْمَئِذٍ فِي رَجَبٍ فَقَالَ: سَمِعْتُ ابْنَ عَبَّاسٍ رَضِيَ اللهُ عَنْهُمَا، يَقُولُ: ” كَانَ رَسُولُ اللهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ يَصُومُ حَتَّى نَقُولَ: لَا يُفْطِرُ، وَيُفْطِرُ حَتَّى نَقُولَ: لَا يَصُومُ

Artosipun: Utsman bin Hakim matur: kula tanglet dhateng Sa’id bin Jubair bab Siyam rejeb, saat meniko kito wonten ing sasi Rejeb. Sa’id mangsuli: Kula mireng Ibnu Abbas matur menawi Rasulullah Saw Siyam (runtung-runtung) ngantos kito ngiro piyambakipun siyam, lan piyambakipun mboten siyam (runtung-runtung) ngantos kito ngiro piyambakipun mboten siyam.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait