Khutbah Jumat Pendek PDF: Tiga Waktu Terkabulnya Doa di Bulan Ramadhan (B. Jawa)

Berdoa di Bulan Ramadhan
Berdoa di Bulan Ramadhan

KHUTBAH JUMAT PERTAMA BULAN RAMADHAN

   الْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ بِنِعْمَتِهِ تَتِمُّ الصَّالِحَاتُ، وَبِفَضْلِهِ تَتَنَزَّلُ الْخَيْرَاتُ وَالْبَرَكَاتُ، وَبِتَوْفِيْقِهِ تَتَحَقَّقُ الْمَقَاصِدُ وَالْغَايَاتُ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لَانَبِيَّ بَعْدَهُ. اللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ المُجَاهِدِيْنَ الطَّاهِرِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا آيُّهَا الحَاضِرُوْنَ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَۙ

Hadirin ma’asyiral muslimin rahimakumullah..

Bacaan Lainnya

Wonten ing kesempatan ingkang mulia punika sumangga kita usaha ningkataken takwallah. Takwa lebet artos saleres-leresipun takwa, kaliyan nglampahaken sadayaning perintah lan nebihi larangan-ipun. Menawi mekaten, ingsya Allah kita badhe bingah lan wilujeng ing donya ngantos mangke ing akhirat. Amiin..

Salajengipun, sholawat lan salam mugi-mugi tansah tercurahkan dhateng Nabi Agung Muhammad SAW.

Hadirin ma’asyiral muslimin rahimakumullah..

Sadayaning tiyang mesthi ajeng-ajeng sedaya doanipun dipunkabulaken dening Allah SWT. Sadayaning tiyang ajeng-ajeng bilih sedaya hajat diijabahi dening Allah SWT. Ing sasi pasa punika inggih punika wekdal ingkang sae kangge ngatah-ngatahi donga.

Amargi, sasi Ramadhan punika sasi kebak Rahmat, sasi kebak ampunan lan ing lebetipun badhe dipunkabulaken do’a-do’a kita.

Nanging, tamtu wonten pinten-pinten syarat supados donga kita dipunkabulaken. Wonten kalih syarat supados donga kita dipunkabulaken inggih punika sepindah, nglampahaken perintahipun Allah utawi dipunsebat takwa. Lan ingkang kaping kalih, kita kedah beriman dhateng Allah, kita kedah yakin menawi Allah lah ingkang ngatur sedaya gesang kita. sakepripun Firman Allah SWT.

 وَإِذَا سَأَلَكَ عِبَادِي عَنِّي فَإِنِّي قَرِيبٌ أُجِيبُ دَعْوَةَ الدَّاعِ إِذَا دَعَانِ فَلْيَسْتَجِيبُوا لِي وَلْيُؤْمِنُوا بِي لَعَلَّهُمْ يَرْشُدُونَ

“Lan menawa kawula-kawula-Ingsun (Allah) takon marang siro tentang Ingsun (Allah), mula (wangsulana), bahwasane Ingsung (Allah) yaiku cedhak. Ingsun (Allah) ngabulake panjaluk wong kang ndungo menawa dheweke njaluk marang Ingsun (Allah), mula pestine dheweke kabeh iku ngelakoni (kabeh perintah-Ingsun) lan pestine dheweke kabeh beriman marang Ingsun (Allah), supaya dheweke kabeh tansah ana jero kebagusan. (QS. al-Baqarah: 186)

Hadirin ma’asyiral muslimin rahimakumullah..

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait