Khutbah Jumat Pendek PDF: Tiga Waktu Terkabulnya Doa di Bulan Ramadhan (B. Jawa)

Berdoa di Bulan Ramadhan
Berdoa di Bulan Ramadhan

Sedaya wekdal ing sasi Ramadhan sae sanget kangge donga. Nanging, wonten tigang wekdal utami ing sasi Ramadhan supados donga kita dipunkabulaken Allah SWT.

Ibnu Katsir Rahimahullah nerangaken menawi masalah punika dipunsebataken ing sela-sela panyebatan hukum siyam. Punika nunjukaken terkait anjuran ngatah-ngatahaken do’a kala sasi punika sempurna, malah dipunperintah ngatah-ngatahaken do’a kasebat ing saben buko pasa. (Tafsir al-Qur’An al-‘Azhim, 2: 66).

Bacaan Lainnya

Keterangan ingkang dipunaturaken dening Ibnu Katsir nunjukake menawi sasi Ramadhan inggih punika salah setunggal wekdal dipunkabulaken doa kita. Nanging do’a punika gampil dipunkabulaken bilih salah setunggaling tiyang gadhah keimanan ingkang leres.

Ibnu Taimiyah wicanten, terkabulipun do’a punika keranten leresipun i’tiqod, kesempurnaan ketaatan amargi ing akhir ayat dipunsebataken, ‘lan pestine dheweke kabeh beriman marang Ingsun (Allah), supaya dheweke kabeh tansah ana jero kebagusan.” (Majmu’ah al Fatawa, 14: 33-34).

BabRamadhan inggih punika sasi do’a dipunkiyataken malih kaliyan hadits saking Jabir bin ‘Abdillah Radhiyallahu ‘anhu, Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam bersabda,

 إِنَّ لِلّهِ فِى كُلِّ يَوْمٍ عِتْقَاءَ مِنَ النَّارِ فِى شَهْرِ رَمَضَانَ ,وَإِنَّ لِكُلِّ مُسْلِمٍ دَعْوَةً يَدْعُوْ بِهَا فَيَسْتَجِيْبُ لَهُ

“Setuhune Allah mbebasake pirang-pirang wong saka geni neraka ing saben dina ing sasi Ramadhan, lan saben muslim menawa dheweke gelem ndungo, bakal dikabulake.”

Hadirin ma’asyiral muslimin rahimakumullah..

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait