Update Materi Khutbah Idul Fitri Singkat PDF: Layakkah Kita Merayakan Idul Fitri? (B. Jawa)

ilustrasi sholat hari raya
ilustrasi sholat hari raya

Ramadhan inggih punika madrasah ingkang menempa dhiri kita dados pribadi ingkang langkung sae. Inggih punika pribadi ingkang ngebaki hak Allah lan hak sesami kawula. Pribadi ingkang nglampahaken kewajiban dhateng sesami kawula lan kewajiban dhateng allah subhanahu wata’ala.

Nalika nglampahi pendidikan lan pelatihan ing madrasah Ramadhan, kita ditempa kangge nampi pinten-pinten wucalan. Ing antawisipun:

Bacaan Lainnya

Kaping sepindah, takwa. Tujuwan utami saking siyam inggih punika la’allakum tattaquun. artosipun, siyam pasa dipunwajibaken supados dados wasilah kangge kita kangge nggayuh ketakwaan.

Nalika siyam, kita nyaketaken dhiri dhateng Allah kaliyan nilaraken syahwat nedha, ngombe lan syahwat-syahwat sanesipun. Ing sasi Ramadhan, kita dipunlatih kangge siyam sedaya anggota badan semampu ingkang saged kita lampahi.

Mripat siyam mila mboten sumerep ingkang haram. Lesan siyam mila mboten ngucap ingkang diharamaken. Semanten ugi, irung, kuping, tangan, suku lan sabadan sakojor tumut siyam mila mboten nglampahaken perkawis ingkang diharamkan.

Kaping kalih, ikhlas. Inggih punika nglampahaken ketaatan namung amargi Allah. Siyam mucalaken dhateng kita keikhlasan lan menghindarkan dhiri saking niat kepingin angsal pujian saking sesami.

Siyam setunggaling tiyang mukmin inggih punika rahasia antawis piyambakipun lan Allah. Mboten wonten ingkang sumerep siyamipun kejawi Allah lan piyambakipun piyambak. Menawi purun, gampil sanget kangge kita nglampahaken bab-bab ingkang mbatalaken siyam tanpa dipun ngertosi dening tiyang sanes.

Kenging punapa bab punika mboten kita lampahaken? Amargi niat kita lillaahi ta’aalaa, sanes keranten sanesipun lan mboten gadhah tujuwan angsal sanjungan saking sesami makhluk.

Kaping tiga, Sabar. Ing madrasah Ramadhan, kita dipunlatih lan dipunwucal kangge sabar. Lantaran siyam, kita sinau sabar kaliyan tigang jinisi sekaligus: Sabar lebet nglampahaken ketaatan, sabar lebet nebihi kemaksiatan lan sabar lebet ngajengi musibah.

Salami Ramadhan, kita sabar lebet nglampahaken shalat-shalat fardlu utawi sunnah, sabar lebeting maos al Qur’An, sabar lebeting beri’tikaf ing masjid lan sabar lebet nglampahaken pinten-pinten amal kesaenan ingkang sanes.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait