Update Materi Khutbah Idul Fitri Singkat PDF: Layakkah Kita Merayakan Idul Fitri? (B. Jawa)

ilustrasi sholat hari raya
ilustrasi sholat hari raya

Kita ugi sabar lebet nilaraken syahwat dhahar, nginum, hubungan badan kaliyan semah lan syahwat-syahwat sanesipun wiwit saking terbit fajar ngantos sumerepipun srengenge. Kita ugi dipunlatih sabar lebet ngajengi raos luwe lan raos ngelak lan ngraosaken punapa ingkang dipunraosaken dening tiyang-tiyang ingkang mboten seberuntung kita.

Kaping sekawan, ngendalikaken amarah lan mboten mangsuli keburukan kaliyan keburukan. Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam bersabda:

Bacaan Lainnya

 إِنَّمَا الصَّوْمُ جُنَّةٌ فَإِذَا كَانَ أَحَدُكُمْ صَائِمًا فَلاَ يَرْفُثْ وَلاَ يَجْهَلْ، وَإِنِ امْرُؤٌ قَاتَلَهُ أَوْ شَاتَمَهُ فَلْيَقُلْ: إِنِّي صَائِمٌ إِنِّي صَائِمٌ (رواه الشيخان)

Artosipun: “Sabenere siyam yaiku gaman/lading, menawa salah siji saka siro kabeh lagi siyam mula aja bersikap keji lan aja bertindak bodho, menawa ana wong kang ganggu utawa mencelo mula ngomongo: aku lagi siyam, aku lagi siyam.” (HR Al-Bukhari lan Muslim)

Kaping gangsal, njagi persatuan, kebersamaan lan sami-sami tulung nulung saha berempati dhateng tiyang ingkang mbetahaken. Madrasah Ramadhan mucalaken dhateng umat Islam kangge bersatu lan sami-sami tulung-tinulung. Tamtu persatuan ingkang ngangge landesan kesatuan akidah.

Shalat tarawih berjamaah, tadarus al qur’an sareng, berbuka sareng ing wekdal ingkang sami, andum takjil ing ratanan, i’tikaf sareng ing masjid, kegembiraan nyambut dinten riyadin ingkang sami, punika sedaya inggih punika jembatan ingkang menghubungkan antawisipun manah ingkang saderengipun mungkin sami-sami satru, perekat antawisipun jiwa ingkang saderengipun mungkin sami-sami memusuhi saha wasilah ingkang nyaketaken antarwarga ingkang saderengipun mungkin sami-sami nebihi.

Lajeng zakat ing akhir Ramadhan inggih punika perwujudan saking sengkuyung sami-sami tulung-tinulung lebet kesaenan lan ngrencangi sadherek-sadherek sesami muslim ingkang mbetahaken.

Hadirin ingkang minulyo,

Punika lah gangsal ing antawis semanten kathah wucalan saking madrasah Ramadhan. Bilih sedaya wucalan punika sampun kasil kita terapaken ing sasi Ramadhan, sumangga kita pertahankan sasampunipun kita nilaraken Ramadhan.

Bilih gangsal wucalan punika sampun ngiasi dhiri kita baik ing sasi Ramadhan utawi ing jawining sasi Ramadhan, estu kita kelebet tiyang-tiyang ingkang mulia midherek allah ta’ala.

Kelawan nerapaken gangsal wucalan punika kaliyan istiqamah, kita sampun dados hamba ingkang diridhai Allah lan mangke kita badhe nggayuh kebahagiaan ingkang sejatos, hakiki lan lestantun ing akhirat.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait