Materi Khutbah Jumat PDF Terbaru: Tiga Sikap Nabi Muhammad yang Patut Dicontoh (B. Jawa)

khutbah Jumat
khutbah Jumat

Naliko ing setunggaling dinten Rasulullah SAW tumbas barang-barang ing peken, ing ngriko wonten Abu Hurairah ingkang ugi wonten perlu. Naliko Rasulullah SAW sampun angsal barang-barang lan badhe wangsul, wekdal meniko ugi Abu Hurairah bermaksud mbektakaken barang-barang belonjoan kangge memuliakan Nabi. Rasulullah SAW ternyata mboten kerso. Dhateng Abu Hurairah, Rasulullah SAW matur:

 صَاحِبُ الشَّيْءِ أَحَقُّ بِشَيْئِهِ أَنْ يَحْمِلَهُ

Bacaan Lainnya

Artosipun: Wong kang nudwe barang berhak (pautut) gowo barange dewe.

Mboten berkenanipun Rasulullah SAW kaliyan Abu Hurairah mbektakaken barang-barangipun nedahi menawi Nabi sanes sosok ingkang remen sanget dimuliaaken tiyang sanes, utawi lebet istilah sameniko “gila hormat”.

Rasulullah nolak naliko badhe diperlakukan istimewa limrahipun tiyang, padahal Kanjeng Nabi Muhammad termasuk Rasul ingkang paling mulia ing antawis sedaya Nabi lan Rasul menggahipun Allah SWT.

Penolakan meniko nedahi bukti menawi Rasulullah estu tiyang ingkang andhap sanget manahipun, sehinggo mboten rumaos martabatipun mandhap namung amargi mbekta barang-barang piyambak, lan mboten dipunbektakaken tiyang sanes.

Jamaah Jemuwah Rahimakumullah

Bukti sanes ingkang nedahi Rasulullah SAW mboten gila hormat, kados dipuncriyosaken lebeting kitab maulid al-barzanji, halaman 123.

 يَمْشِيْ خَلْفَ أَصْحَابِهِ وَيَقُوْلُ خَلُوْا ظَهْرِيْ لِلْمَلَائِكَةِ الرُّوْحَانِيَّةِ

Artosipun: Nabi Muhamamd SAW mlampah ing wingking poro sahabatipun, lan wicanten dhateng poro sahabatipun: Jarne wae, nang guriku ono malikat kang ngawasi.

Saking criyos meniko kita ngertos poro Sahabat mlampah rumiyin sehinggo poro Sahabat nyingkuri Kanjeng Nabi. Rasulullah SAW mboten ngecap poro Sahabat meniko su’ul adab.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait