Materi Khutbah Jumat PDF Terbaru: Tiga Sikap Nabi Muhammad yang Patut Dicontoh (B. Jawa)

khutbah Jumat
khutbah Jumat

Naliko poro Sahabat mlampah ing ngajeng Nabi, kesan ingkang ketingal inggih meniko Rasulullah saw kados mboten penting utawi terhormat tinimbang poro Sahabat. Ing ngrikilah kerendahan manahipun ingkang angel dipun-bantah.

Nanging saking sisi keamanan, peristiwa meniko wonten hikmahipun, inggih meniko dados salah setunggaling tiyang pemimpin maringi tuladha bilih pemimpin niku mboten tansah kedah wonten ing ngajeng, utaminipun nalika anceman musuh asalipun saking wingking.

Bacaan Lainnya

Anceman utawi bebaya ingkang duginipun saking arah ngajeng tamtu saget dipunantisipasi piyambak dening poro Sahabat, amargi mripat sahabat (soho mripat kita tamtunipun) wonten ing ngajeng.

Dene kemungkinan wontenipun anceman dhateng Rasululullah SAW ingkang duginipun saking wingking, Nabi masrahaken bab meniko dhateng Allah semata kaliyan saestu ing wingkingipun wonten malaikat ingkang njagi.

Jamaah jemuwah rahimakumullah

Bukti sanes malih, inggih meniko Nabi langkung remen ngerumiyini salam daripada njawab salam. Sakepripun dipuncriyosaken lebeting kitab maulid al-barzanji, taksih ing halaman 123:

 وَيَبْدَؤُ مَنْ لَقِيَهُ بِالسَّلَامِ

Artosipun: Nabi tansah ngerumiyini salam naliko kepanggih kaliyan sinten mawon.

Kisah meniko nedahi menawi Rasululllah SAW langkung remen ngerumiyini anggenipun muliaaken tiyang sanes. Padahal aturan umumipun sampun jelas kados dipunsebataken lebet hadits ingkang diriwayataken Bukhari lan Muslim, menawi: ingkang alit maringi salam dhateng ingkang ageng. Ingkang mlampah dhateng ingkang lenggah. Ingkang sakedhik dhateng ingkang kathah. Ingkang numpak kendaraan dhateng ingkang mlampah.

Nanging Rasulullah SAW ing kenyataanipun langkung remen ngerumiyini ngucap salam tinimbang dipunrumiyini. Padahal sewajaripun menawi Rasulullah dipunrumiyini lebeting salam amargi posisinipun dados Pemimpin umat ingkang tamtu langkung inggil daripada umatipun.

Nanging Rasulullah tamtu mawon mboten lepat lebeting bab meniko, amargi ing kesempatan sanes Nabi SAW bersabda menawi ngerumiyini ngucap salam meniko langkung sae tinimbang dipunrumiyini sakepripun diriwayatkan Abu Dawud lan Ahmad.

Lebet hadits lintu ingkang diriwayatkan Imam al-Baihaqi, Rasulullah SAW bersabda bilih ngerumiyini ngucap salam saget ngicalaken takabur.

Jamaah Jemuwah Rahimakumullah

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait