Materi Khutbah Jumat Singkat Padat PDF: Tobatlah Sebelum Datang Dua Waktu (B. Jawa)

Ilustrasi Shalat di Masjid
Ilustrasi Shalat di Masjid

Sanadyan kados puniko poro jamaah, kita dipuntuntut kangge tansah bertobat dhateng Allah subhanahu wa ta’ala lan nyuwun ampunan saha rumaosi menawi kita inggih meniko kawulo ingkang ringkih lebet nahan dhiri kangge mboten nglampahaken dosa lan bermaksiat.

Jamaah shalat jemuwah ingkang dirahmati allah subahanahu wa ta’ala

Bacaan Lainnya

Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam nate bersabda:

 كُلُّ بَنِي آدَمَ خَطَّاءٌ وَخَيْرُ الْخَطَّائِينَ التَّوَّابُونَ

Artosipun: “Kabeh Bani Adam tau nglakoni kaluputan, lan sak  becik-becike wong kang salah yaiku kang age-age bertobat.” (HR. Ibnu Majah).

Hadits kasebat kelawan teges nyatakaken bilih sifat manusiawi Bani Adam meniko ngelampahi kelepatan, nanging ingkang paling sae inggih meniko naliko ngelampahi kelepatan langsung rumaosi kelepatanipun lan nyuwun pangapunten dhateng Allah.

Para Jama’ah, kita sedoyo kedah yakin bilih Allah meniko pengeran ingkang Maha Pangapuro atas sedaya dosa ingkang kita lampahaken, baik secara sadar utawi mboten sadar.

Lebeting salah setunggal riwayat dipunsebataken menawi sanadyan dosa kita kathah ngantos ngebaki langit, niscaya Allah badhe paring pangapuro dhateng kita ingkang purun tobat.

Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam bersabda:

 لَوْ أَخْطَأْتُمْ حَتَّى تَبْلُغَ خَطَايَاكُمْ السَّمَاءَ ثُمَّ تُبْتُمْ لَتَابَ عَلَيْكُمْ

Artosipun: “Sekirane siro kabeh ngelakoni kaluputan nganti kaluputan siro kabeh nggayuh langit lan bumi, banjur siro kabeh bertaubat, niscaya taubat siro kabeh bakal ditompo” (HR. Ibnu Majah).

Sanadyan Allah maha pangapuro, sampun ngantos welasipun Allah ing kawulanipun dipundadosaken kesempatan kangge alasan ngelampahi dosa. Minongko dados kawulanipun Allah, kita kedah njagi dhiri saking lampahan dosa.

Jamaah shalat jemuwah ingkang dirahmati allah subahanahu wa ta’ala

Dados kawula ingkang ringkih lan mboten angsal ngendhani maksiat lan lampahan dosa, mila kita kedah cepet-cepet tobat wiwit saking sameniko. Sampun ngantos kita bertobat lan nyuwun ampunan ing Allah naliko umur sepuh, kaliyan anggepan menawi kita taksih enem lan saras.

Lebeting al-Qur’an, Allah kathah sanget nyebat piyambakipun dados dzat ingkang nampi tobat kawulo-ipun, ingkang mengampuni sedaya dosa-dosa kwulanipun.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait