Ananging, tobat lan panyuwun ampun dhateng Allah namung dipuntampi menawi saderengipun Dugi kalih wekdal: Pertami nalika pati sampun dugi, lan ingkang kaping kalih nalika dinten kiamat dugi.
Kekait wekdal ingkang pertami, inggih meniko tobat mboten dipuntampi nalika pati sampun dugi, Allah ta’ala berfirman lebet serat an-Nisa’ Ayat 18:
وَلَيْسَتِ التَّوْبَةُ لِلَّذِينَ يَعْمَلُونَ السَّيِّئَاتِ حَتَّىٰ إِذَا حَضَرَ أَحَدَهُمُ الْمَوْتُ قَالَ إِنِّي تُبْتُ الْآنَ وَلَا الَّذِينَ يَمُوتُونَ وَهُمْ كُفَّارٌ ۚ أُولَٰئِكَ أَعْتَدْنَا لَهُمْ عَذَابًا أَلِيمًا
Artosipun , “Lan taubat iku ora ditompo Allah saka wong-wong kang ngelakoni kejahatan (kang) nganti teko pati marang wong ing watara dheweke kabeh, banjur dheweke ngucap, “sabenere aku bertaubat saiki”. Lan ora (uga ditompo taubat) wong-wong kang mati naliko dheweke ing jero kekafiran. Kanggo wong-wong iku wis kito sedyakake siksa kang pedih” (Qs an-Nisa’: 18).
Syekh wahbah az-zuhaili njlentrehaken ayat meniko lebeting karyanipun, al-tafsir al-munir, “dipun tampi tobat setunggaling tiyang kawulo lan ampunan Allah inggih meniko nikmat lan kesaenan kangge tiyang-tiyang ingkang lampah dosa lan terjerumus dhateng lebetipun salami mboten terusan nglampahaken lampahan kasebat. Para kawulo Allah nglampahaken setunggaling kemaksiatan dipunamargikaken amargi wontenipun faktor hawa nafsu lan godaan setan, mila piyambakipun sedaya nggih bertobat saderengipun nyawa wonten ing ujung kerongkongan, malah tobat taksih dipuntampi ing wanci[wekdal] setunggaling tiyang kawulo ningali malaikat ingkang mendhet ruhipun.” (syekh wahbah al-zuhaili, al-tafsir al-munir, [beirut: dar al-fikr al-mu’ashir, 1418] , jilid iv, bab. 294).
Jamaah shalat jemuwah ingkang dirahmati allah subahanahu wa ta’ala
Wondene wekdal ingkang kaping kalih, ing pundi tobat setunggaling tiyang kawulo mboten dipun tampi malih inggih meniko naliko dinten kiamat dugi. Bab meniko skados Firman Allah ta’ala lebet serat al-An’am ayat 158:
هَلْ يَنْظُرُونَ إِلَّا أَنْ تَأْتِيَهُمُ الْمَلَائِكَةُ أَوْ يَأْتِيَ رَبُّكَ أَوْ يَأْتِيَ بَعْضُ آيَاتِ رَبِّكَ ۗ يَوْمَ يَأْتِي بَعْضُ آيَاتِ رَبِّكَ لَا يَنْفَعُ نَفْسًا إِيمَانُهَا لَمْ تَكُنْ آمَنَتْ مِنْ قَبْلُ أَوْ كَسَبَتْ فِي إِيمَانِهَا خَيْرًا ۗ قُلِ انْتَظِرُوا إِنَّا مُنْتَظِرُونَ
Artosipun: “Kang dheweke kabeh arep-arep ora liya namung ketekanan malaekat marang siro kabeh (kanggo nyabut nyawa siro kabeh) utawa ketekanan (siksa) pengeranmu utawa ketekanan pira-pira ayat pengeranmu. Ing dina tekone ayat soko pengeranmu, ora manfaat maneh imane wong marang dheweke kang durung beriman sadurunge iku, utawa dheweke (durung) ngusahakake kabecikan jero masa imane. Ngucapo: “entenono sabenere kito ugo ngenteni”. (QS al-An’am: 158).
Syekh Wahbah al-Zuhaili lebet tafsiripun njlentrehaken menawi ayat ing inggil negasaken menawi tobat lan iman salah setunggaling tiyang ingkang nembe dipun lampahi ing dinten kiamat mboten wonten gunanipun. Kados mboten gunanipun Iman fir’aun naliko nembe rumaosi kuasanipun Allah ing wekdal piyambakipun kelelep ing laut merah. (syekh wahbah al-zuhaili, al-tafsir al-munir, [beirut: dar al-fikr al-mu’ashir, 1418], jilid iv, bab. 294).
Jamaah shalat jemuwah ingkang dirahmati allah subahanahu wa ta’ala
BACA HALAMAN BERIKUTNYA..