Wondene, sekawan wulan kang dimulyaake ana ing ayat kasebat, inggih punika Dzulqa’dah, Dzulhijjah, Muharrram, lan Rajab.
Para jamaah ingkang minulya. Nalika sampun mlebet wulan Rajab, Kanjeng Nabi Muhammad saw sampun maringi tuladha, kanthi maos dunga, kados dene ingkang sampun dipun riwayatake saking Anas Ibn Malik wonten ing Musnad Ahmad:
اللَّهُمَّ بَارِكْ لَنَا فِي رَجَبٍ وَشَعْبَانَ وَبَلِّغْنَا رَمَضَانَ
Artosipun: “Duh Gusti Allah, mugi Panjenengan maringi kanugerahan keberkahan dateng kita, ana ing wulan Rajab lan Sya’ban, ugi mugi Panjenengan ndugiaken kita ngantos dumugi wulan Ramadhan.”
Dunga ingkang dipun contoaken saking Kanjeng Nabi menika, nuduhake kautamaan wonten ing wulan Rajab. Saget ugi, kita pendhet tuladha, sak derengipun kerawuhan wulan Ramadhan, awak saha manah kita siapake, kanthi nglampahi pirang-pirang amalan, kaya dene pasa lan ngathahi maos istighfar.
Maos istighfar inggih punika nyuwun pangapura dhumateng Gusti Allah, saking sedaya dosa ingkang sampun kita lampahi. Wondene, maos istighfar punika, dados pengakuan bilih kita sedaya namung manungsa ingkang kathah dosa.
Kanjeng Nabi Muhammad saw, sampun paring dhawuh:
BACA HALAMAN BERIKUTNYA..