Materi Khutbah Jumat Sambut Ramadhan: Empat Persiapan Sebelum Ramadhan (B. Jawa)

Khutbah Jumat Sambut Ramadhan
Khutbah Jumat Sambut Ramadhan

Mekatenlah, punapa ingkang dados tujuwan akhir saking siyam ing Ramadhan punika, inggih punika derajat ketakwaan saget kita gayuh.

Keranten punika lah, Rasulullah SAW pesen dhateng umatipun nalika sasi Ramadhan dugi. Kados hadits ingkang diriwayatkan an-nasa’i saking abu hurairah:

Bacaan Lainnya

 عَنْ أَبِي هُرَيْرَةَ قَالَ قَالَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ: أَتَاكُمْ رَمَضَانُ شَهْرٌ مُبَارَكٌ فَرَضَ اللَّهُ عَزَّ وَجَلَّ عَلَيْكُمْ صِيَامَهُ تُفْتَحُ فِيهِ أَبْوَابُ السَّمَاءِ وَتُغْلَقُ فِيهِ أَبْوَابُ الْجَحِيمِ وَتُغَلُّ فِيهِ مَرْدَةُ الشَّيَاطِينِ لِلَّهِ. فِيهِ لَيْلَةٌ خَيْرٌ مِنْ أَلْفِ شَهْرٍ …… (سنن النسائي الجزأ 7 ص. 256: 2079)

Artosipun: Saking Sahabat Abu Hurairah Radliyallahu ‘anh matur, menawi Rasulullah nate ngendikan: Tenane wis teka ing siro kabeh sasi pasa, sasi kang kebak berkah, kang endi ing sasi kasebut Allah SWT nguwajibake siro kabeh kanggo siyam. Ing sasi iku, lawang-lawang langit dibukak, sawetara lawang-lawang neraka ditutup sarta syaitan-syaitan dicentang. Ing sasi iku ana siji wengi kang luwih apik saka sewu sasi.

Hadirin jamaah jumah rahimakumullah

Sumangga kita sambut duginipun sasi Ramadhan kanthi manah ingkang bungah: marhaban ya ramadhan, kita sambut duginipun sasi Ramadhan kelawam manah ingkang bingah.

Pertanyaanipun, punapa mawon ingkang kedah kita siapaken kangge nyambut sasi suci Ramadhan? Wonten kesempatan punika kawulo badhe matur sekawan bab ingkang dipunlampahaken para ulama shalih rumiyin, inggih punika:

1. Nyambut Ramadhan kelawan manah ingkang bingah

Yahya bin Abi Katsir meriwayatkan menawi tiyang-tiyang salaf rumiyin tansah donga:

 اَللَّهُمَّ بَارِكْ لَنَا فِى رَجَبَ وَ شَعْبَانَ وَ بَلِغْنَا رَمَضَانَ

Artosipun: Ya allah berkahi kita ing sasi rejeb lan ruwah, lan dawaaken (umur) kita kepanggih pasa.

Saking dungo punika kados-kados piyambakipun ugi nyuwun: Ya Allah panjenengan kepanggihaken kula kelawan wilujeng dhateng Ramadhan, wilujengaken Ramadhan kangge kula lan wilujengaken kula ngantos bibar Ramadhan.

Amargi dumugi dhateng pasa inggih punika kebahagiaan ingkang luar biasa kangge piyambakipun, lan ing sasi punika piyambakipun saget angsal nikmat lan karunia Allah ingkang mboten kahitung.

Pramila, mboten heran bilih lajeng Nabi SAW lan para sahabat nyambut Ramadhan kaliyan mesem lan tahmid, lan ngeculne kesahipun Ramadhan kelawan tangis.

2. Nambah Ilmu bab siyam

Siyam Ramadhan inggih punika salah setunggal rukun Islam ingkang wajib dipunlampahaken dening saben muslim. Ibadah siyam gadhah ketentuan lan aturan ingkang kedah dipunkebaki supados sah lan sempurna.

Ilmu bab ketentuan siyam utawi ingkang asring dipunsebat kaliyan fikih siyam inggih punika bab ingkang wajib dipunsinaoni dening saben muslim, minimal ngengingi bab-bab ingkang dados sah lan mbotenipun siyam.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait