Materi Khutbah Jumat Sambut Ramadhan: Empat Persiapan Sebelum Ramadhan (B. Jawa)

Khutbah Jumat Sambut Ramadhan
Khutbah Jumat Sambut Ramadhan

Pramila, ing sebagian punika, persiapan-persiapan ingkang saged dipunlampahaken inggih punika kaliyan kathah tanglet, sinau lan maos. Tiyang niku bakal kiyat ngelampahi punapa-punapa kaliyan sempurna lan bingah menawi semerap punapa alesan, tujuwan lan manfaatipun ingkang dipun lampahi.

3. Perencanaan ingkang mateng

Bacaan Lainnya

Niat lan azam inggih punika basa sanes saking perencanaan. Tiyang-tiyang soleh rumiyin tansah ngrencanakaken pengisian sasi Ramadhan kaliyan cermat lan optimis.

Kaping pinten piyambakipun badhe mengkhatamkan maos al-Qur’an, kaping pinten shalat dalu, pinten badhe bersedekah lan nyukani nedha tiyang siyam, kaping pinten kita ndugini pengaosan lan maos buku agami.

Punika lah rencana ingkang leres kangge ngisi sasi Ramadhan, sanes namung ngrencanakaken menu dhaharan kangge buka, nanging langkung dipunarahaken dhateng perencanaan ingkang mateng kangge ningkataken kuwalitas ibadah kita ing sasi Ramadhan.

Rasulullah saw senantiasa nglampahaken siyam sunah sasi ruwah, malah lebet pinten-pinten riwayat dipunsebataken kadhang nglampahakenipun sawulan kebak. Lebet setunggaling hadits dipunsebataken.

Artosipun: Usamah bin Zaid nate tanglet dhateng Rasulullah Saw. Tembungipun: Ya Rasulullah, kula mboten sumerep panjenengan siyam ing sasi-sasi ingkang sanes sakathah siyam ing sasi ruwah punika? Nabi Saw mangsuli: Ikulah sasi kang sering dilalekno manungso, antarane rejeb lan Ramadhan, sasi kang diangkat kabeh amal dhateng allah Rabbul Alamin. Lan aku kepingin amalku diangkat dalam keadaan poso. (HR an-Nasa’i).

4. Persiapan materi

Lajeng ingkang kedah kita wigatosaken menyongsong sasi Ramadhan inggih punika persiapan arto utawi materi. Persiapan materi ing ngriki mboten dipunmaksudaken kangge tumbas kebutahan buko lan sahur ingkang mewah lan awis, malah kadhang terkesan berlebihan.

Nanging arto utawi materi ingkang diperuntukkan kangge nopang ibadah sedekah lan infaq. Ramadhan inggih punika sasi muwaasah (sasi santunan, pelipur lara). Dipunanjuraken sanget maringi santunan dhateng tiyang sanes, senajan namung sekedik.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait