sak lintunipun kito berusaha nglampahi nopo ingkang sampun dipun dawauhaken Kanjeng Nabi, monggo wonten wulan maulud meniko kito sami ngatah-ngatahaken maos sholawat. Maos sholawat merupakan salah satu tanda cinta kita dateng Kanjeng Nabi. langkung-langkung Kanjeng nabi sampun dawuh bilih:
ู ููู ููุงูู ุฃูููุซูุฑูููู ู ุนููููู ุตูููุงุฉู ููุงูู ุฃูููุฑูุจูููู ู ู ููููู ู ูููุฒูููุฉู
โSopo wonge paling akeh mocone sholawat marang aku mongko persasat deweke seng paling cedek panggonane karo akuโ.
Wonten hadits lintu kanjeng nabi ugi dawuh maleh:
ุฃููููู ุงููููุงุณู ุจููู ููููู ู ุงููููููุงู ูุฉู ุฃููุซูุฑูููู ู ุนููููู ุตูููุงุฉู
โManungso sing paling berhak nompo syafaatku mbesok dino qiyamat yoiku wong seng akeh mocone solawat marang akuโ.
Hadirin jamaah jumah ingkang minulyo
Selajengipun pupung sak meneiko wulan maulud, inggih wulan lahir ipun kanjeng nabi Muhammad SAW monggo kito ugi ngatah-ngatahaken ngamal sae. Poro sohabat Khulafaurrosyidin inggih meniko sayidina Abu Bakar, Umar, Ustman soho sayidina โAli sedoyo meniko sami mulyaaken wulan maulud meniko.
Wonten kitab ุงููููุนูู ูุฉู ุงููููุจูุฑูู ุนูููู ุงููุนูุงููู ู ingkang dipun karang deneng Imam Ibnu Hajar alโHaitami, shohifah 7 ngantos 8 dipun dawuhaken bilih:
ูุงู ุฃุจู ุจูุฑ ุงูุตุฏูู ุฑุถู ุงููู ุนูู ู ููู ุฃููููููู ุฏูุฑูููู ูุง ุนูููู ููุฑูุงุกูุฉู ู ูููููุฏู ุงููููุจูู ุตูู ุงููู ุนููู ูุณูู ููุงูู ุฑูููููููู ููู ุงูุฌููููุฉู
Sohabat Abu Bakar RA dawuh: โSopo wonge infaq/sodaqoh duit sak dirham kanggo moco maulid Nabi mongko wong mau dadi koncoku mbesok ono ing swargoโ
ููุงู ุนู ุฑ ุฑุถู ุงููู ุนูู ู ููู ุนูุธููู ู ู ูููููุฏู ุงููุจููู ุตูู ุงููู ุนููู ูุณูู ููููุฏู ุฃูุญูููุง ุงููุฅูุณูููุงู ู
Sohabat Umar RA dawuh: โSopo wonge ngagungaken dino lahire kanjeng nabi mongko wong mau PERSASAT nguripโngurip agomo Islamโ
ููุงู ุนุซู ุงู ุฑุถู ุงููู ุนูู ู ููู ุฃููููููู ุฏูุฑูููู ูุง ุนูููู ููุฑูุงุกูุฉู ู ูููููุฏู ุงููุจูู ุตูู ุงููู ุนููู ูุณูู ูููุฃูููู ูุง ุดูููุฏู ุบูุฒูููุฉู ุจูุฏูุฑู ููุญููููููู
Sohabat โUstman RA dawuh: โSopo wonge infaq/ sodaqoh duit sak dirham kanggo moco maulid nabi, mongko koyoโkoyo wong mau melu perang Badar lan perang Hunainโ
BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

