Khutbah Jumat Sedih 10 Hari Terakhir Ramadhan Jawa: Sebentar Lagi Ramadhan Meninggalkan Kita

Khutbah jumat bulan Ramadhan
Ilustrasi Bulan Puasa Ramadhan

KHUTBAH JUMAT PERTAMA BULAN RAMADHAN

   اَلْحَمْدُ لله، اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِيْ أَنْزَلَ الْفُرْقَانَ لِلْعَالَمِيْنَ بَشِيْرًا وَنَذَيِرًا، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْمَبْعُوْثُ الَّذِيْ أَنْزَلَ عَلَيْنَا بِأَنْوَاعِ النِّعَمِ مِدْرَارًا. اَللَّهُمَّ فَصَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ الَّذِيْنَ يُطَهِّرُوْنَ اللهَ تَطْهِيْرًا. فَيَا اَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ، أُوْصِيْنِيْ نَفْسِيْ وَإِيَّاكُمْ بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ فِىْ كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ. بسم الله الرحمن الرحيم، إِنَّا أَنْزَلْنَاهُ فِي لَيْلَةِ الْقَدْرِ، وَمَا أَدْرَاكَ مَا لَيْلَةُ الْقَدْرِ، لَيْلَةُ الْقَدْرِ خَيْرٌ مِنْ أَلْفِ شَهْرٍ ، تَنَزَّلُ الْمَلَائِكَةُ وَالرُّوحُ فِيهَا بِإِذْنِ رَبِّهِمْ مِنْ كُلِّ أَمْرٍ ، سَلَامٌ هِيَ حَتَّى مَطْلَعِ الْفَجْرِ

He wong-wong kang podo iman, Allah nimbali kito. Allah wungsal-wangsul ngutus kito, nimbali kito wonten ing Al Qur’an. Tapi, menopo kuping kito sedoyo mboten mireng? Menopo manah kito purun sadar lan angen-angen tinimbalanipun Allah?

Bacaan Lainnya

Allah sampun ngendikan

اتَّقُوا اللَّـهَ حَقَّ تُقَاتِهِ

Takwaho siro kabeh marang Allah kelawan sak temene takwa.”

Sering banget kito ngucapaken utawi mireng kalimat meniko. Tapi, sampun nopo dereng kito dados tiyang ingkang takwa?

Mboten namung status mawon ingkang kedah dipun rubah, tapi manah lngkang kebak takwallah, ngelampahi sedoyo perintahipun lan nebihi sedoyo awisannipun, syukur ing atase nikmat lan mboten supe dateng Allah SWT.

Allah SWT dawuh:

وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنتُم مُّسْلِمُونَ

Siro kabeh ojo mati kejobo ngugemi agomo Islam.”

Perlu dipun mangertosi bilih ingkang dados standar kesaenan menungso inggih meniko penutup utawi pungkasane, mboten awale. Proses memang penting, tapi sedoyo proses tetep tergantung kalian pungkasane. Pungkasan meniko dados ukuran, tiang meniko termasuk tiang sae, tiang sukses utawi tiang-tiang ingkang rugi.

Jama’ah Rahimah Kumullah..

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait