Khutbah Jumat Sedih 10 Hari Terakhir Ramadhan Jawa: Sebentar Lagi Ramadhan Meninggalkan Kita

Khutbah jumat bulan Ramadhan
Ilustrasi Bulan Puasa Ramadhan

Sekedap maleh Ramadhan bakal ninggal kito sedoyo..

Nembe mawon kito mirengaken ucapan-ucapan tahniah, ucapan-ucapan Marhaman Ya Ramadhan. Tapi subhanallah, sampun ……… dinten kito ngelampahi poso. Cepet sanget, Ramadhan bakal ninggalaken kito sedoyo.

Bacaan Lainnya

Wonten sebagian tiang ngebaki wulan Ramadhan kelawan tumindak sae. Tapi wonten ugi tiang-tiang ingkang ngeremehaken wulan Ramadhan. Bahkan, wonten sebagian tiang ingkang mboten ngelampahi siyam wonten ulang ramadhan.

Elingo siro kabeh.. Ingkang dados acuan kito sedoyo sukses nopo mboten ing wulan Ramadhan inggih meniko penutup utawi pungkasan.

Ma’asiral Muslimin ingkang Minulyo

Cobi kito ningali kanjeng Nabi Muhammad SAW, menopo mawon ingkang beliau lampahi wonten ing 10 dinten akhir utawi puncak Ramadhan?

‘Aisyah Radhiyallahu ‘Anha, nyeriosaken:

كَانَ النَّبِيُّ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ يَجْتَهِدُ فِي الْعَشْرِ الْأَوَاخِرِ مَا لَا يَجْتَهِدُ فِي غَيْرِهِ

Nabi Muhammad SAW sedoso dinten ingkang akhir mempeng sanget, kanjeng Nabi mboten ngelampahi kados mekaten ing dinten-dinten lintunipun,” (HR. Muslim)

Menopo kito sampun siap-siap utawi justru malah lemes? Semangat kito mulai kendor, mboten kados awal-awal Ramadhan.

Rasulallah SAW mboten namung ibadah kagem piambak ipun mawon. Kanjeng Nabi mikir keluarganipun. Kanjeng Nabi gugah garwanipun, gugah putrinipun, gugah mantunipun, sinambi ngencengi sarungipun.

كَانَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ إِذَا دَخَلَ الْعَشْرُ أَحْيَا اللَّيْلَ وَأَيْقَظَ أَهْلَهُ وَجَدَّ وَشَدَّ الْمِئْزَرَ

Naliko Rasulallah SAW mlebet sedoso terakhir, Kanjeng Nabi nguri-nguri wenginipun lan gugah keluarganipun ugi ngencengi sarungipun.” (HR. Muslim)

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait