Materi Khutbah Jumat Singkat PDF Bahasa Jawa: Mengikis Permusuhan, Menyemai Benih Perdamaian

ilustrasi perdamaian
ilustrasi perdamaian

KHUTBAH JUMAT PERTAMA

إِنَّ الْحَمْدَ للهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ، أشْهَدُ أنْ لاَ إِلٰه إلاَّ اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

Bacaan Lainnya

عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا. وَقَالَ تَعَالَ: إِنَّمَا الْمُؤْمِنُونَ إِخْوَةٌ فَأَصْلِحُوا بَيْنَ أَخَوَيْكُمْ ۚ وَاتَّقُوا اللَّهَ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُونَ

فَأِنّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْىِ هَدْىُ مُحَمّدٍ صَلّى الله عَلَيْهِ وَسَلّمَ

Ma’asyral Muslimin Jama’ah Sidang Jum’at Rahimani wa Rahimakumullah

Sedaya puji sumangga kita panjataken dumateng Allah Subhanahu wa ta’ala atas sedaya nikmat lan karunia-ipun ingkang mboten nate saged kita itung. Utaminipun nikmat hidayah Iman lan Islam, keamanan, kesehatan lan kecukupan rezeki ingkang halal.

Shalawat lan salam mugi-mugi tansah kunjuk katur dhateng penutup para Nabi lan pimpinan anak Adam, Muhammad ﷺ, keluwarginipun, para sahabatipun lan sedaya kaum muslimin ingkang nderek sunnahipun kanjeng Nabi Muhammad SAW.

Wonten awal khutbah jumah menika, kita wasiatkan dhateng dhiri kulo piambak saha dhateng jamaah sedoyo, sumangga kita tingkataken keimanan lan ketakwaan kita dhateng Allah ‘azza wa jalla.

Perlu dipun sumerapi, kita sedoyo inggih meniko sedherek. Islam sampun ngempalaken manah kita. lan menika lah tangsulan (ikatan) persatuan ingkang paling kokoh mboten wonten tandinganipun.

Nanging, ing kenyataanipun saat menika, kathah perselisihan, perseteruan, pertentangan, lan permusuhan antar sesami. Namung tiyang-tiyang ingkang saestu lebeting takwa dhateng allah ‘azza wa jalla lah ingkang saget bertahan ing dhalem pasedherekan ukhuwah islamiyah.

Pramila, sumangga kita kiyataken iman lan takwa kita dhateng allah ‘azza wa jalla. Kelawan sangu menika, kita pupuk lan rumat persatuan lan pasedherekan, ukhuwah islamiyah, antar sesami muslim.

Jamaah khutbah jumah ingkang dirahmati allah ‘azza wa jalla,

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait