Materi Khutbah Jumat Singkat PDF Bahasa Jawa: Mengikis Permusuhan, Menyemai Benih Perdamaian

ilustrasi perdamaian
ilustrasi perdamaian

Allah ‘azza wajalla ugi mensyariatkan dhateng hamba-hamba-ipun kagem senantiasa mupuk kerukunan antar sesami manungsa. Njagi kebersamaan, ketenteraman, lan keharmonisan, nebihi perpecahan lan perselisihan, lan mendamaikan perselisihan.

Allah ‘azza wajalla berfirman,

Bacaan Lainnya

 لَا خَيْرَ فِي كَثِيرٍ مِنْ نَجْوَاهُمْ إِلَّا مَنْ أَمَرَ بِصَدَقَةٍ أَوْ مَعْرُوفٍ أَوْ إِصْلَاحٍ بَيْنَ النَّاسِ

Artosipun: Mboten wonten kesaenan ing kathah-kathah bisikan-bisikan piyambakipun sedaya, kejawi bisikan-bisikan saking tiyang ingkang ndawuhi (manungsa) maringi sedekah, utawi ngelampahi maruf, utawi ngawontenaken perdamaian ing antawis manungsa” (QS. An-Nisa: 114)

Wonten setunggaling hadits, Rasulullah Shallallahu ‘alaihi wa sallam bersabda,

 عَنْ عَائِشَةَ قَالَتْ قَالَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ إِنَّ أَبْغَضَ الرِّجَالِ إِلَى اللَّهِ الْأَلَدُّ الْخَصِمُ

Artosipun: Saking Aisyah RA. Piyambakipun ngendika, Rasulullah Shallallahu Alaihi Wasallam bersabda: tiang ingkang paling Allah benci inggih menika tiyang ingkang ndablek (tambeng) tur remen bermusuhan.(HR. Muslim No. 4821)

Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam nate berwasiat dhateng Abu Ayyub,

 يَا أَبَا أَيُّوبَ، أَلَا أَدُلُّكَ عَلَى عَمِلٍ يَرْضَاهُ اللهُ وَرَسُولُهُ؟ قَالَ: بَلَى. قَالَ: تُصْلِحُ بَيْنَ النَّاسِ إِذَا تَفَاسَدُوا، وَتُقَارِبُ بَيْنَهُمْ إِذَا تَبَاعَدُوا

Artosipun: “Wahai Abu Ayyub, opo siro gelem tak kandani siji amalan sing dirihani Allah?” Abu Ayub mangsuli, “Purun”. Panjenenganipun bersabda, “siro ngerukuno menungso sing lagi musuhan, lan siro nyidekno antarane wong-wong sing podo ngedhohi.” (Mu’jam Al-Kabir, Ath-Thabrani, 8/257).

Mila, saben usaha ingkang bertujuan kagem mendamaikan kalih sadherek muslim ingkang lagi bertikai, berselisih, lan bermusuhan inggih menika salah setunggal usaha ngirangi kemungkinan perpecahan wonten tengah umat, sehingga persatuan umat Islam saget kawujud.

Jamaah jumah ingkang dirahmati allah azza wa jalla,

Cara lintu kagem memupuk lan ngiyataken persatuan umat Islam inggih menika kelawan tradisi sami-sami maringi hadiah utawi bebingah antar sesami muslim. Hal menika ugi kelebet amalan ringan nanging nggadhahi kekiyatan dahsyat kangge ngempalaken umat Islam.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait