Materi Khutbah Jumat Singkat PDF Bahasa Jawa: Mengikis Permusuhan, Menyemai Benih Perdamaian

ilustrasi perdamaian
ilustrasi perdamaian

Amargi lebeting tradisi kasebat wonten unsur tarbiyah kangge saling menghargai lan peduli antar sesami muslim, sehingga saget thukul raos tresna lan welas asih ing antawis piyambakipun sedaya. Rasulullah Shallallahu ‘alaihi wa sallam bersabda,

 تَصَافَحُوا يَذْهَبْ الْغِلُّ وَتَهَادَوْا تَحَابُّوا وَتَذْهَبْ الشَّحْنَاءُ

Bacaan Lainnya

Artosipun: “Kedahipun siro kabeh podo salaman, mongko temen bakal ilang kedengkian. Kudune siro kabeh saling ngewehi (maringi) bebungah, mongko temen bakal saling seneng lan ngilangi permusuhan.” (HR. Malik No. 1413)

Wonten hadits lintunipun Rasulullah SAW ugi matur,

 تَهَادَوْا فَإِنَّ الْهَدِيَّةَ تُذْهِبُ وَحَرَ الصَّدْرِ وَلَا تَحْقِرَنَّ جَارَةٌ لِجَارَتِهَا وَلَوْ شِقَّ فِرْسِنِ شَاةٍ

Artosipun: “Kudune siro kabeh podo saling wenehi hadiah, mergo hadiah iso ngilangi sifat benci nang jero dodo, lan ojo sampek ono wong ngeremehno pewehe tonggo meski namung sak cuwil sikil mendho.” (HR. At-Tirmizi No. 2056)

Jamaah khutbah jumah ingkang dirahmati allah azza wa jalla,

Kejawi cara wonten inggil, taksih wonten cara benten malih kagem mengokohkan persatuan lan kesatuan umat, inggih menika mbudayakaken musyawarah. Kenging menapa sering kedados gesekan lan pertikaian antar kelompok umat Islam? Saged ugi, salah setunggal faktor penyebabipun inggih menika mboten wontenipun keharmonisan antar tokoh utami, tokoh penggerak, lan ulama-ulama ingkang wonten ing lebet piyambak-piyambak kelompok kasebat.

Mboten wonten forum rembag sareng ing antawis piyambakipun sedaya. Mboten wonten majelis ilmu ingkang ngelenggahaken sadayaning kelompok-kelompok utawi pihak-pihak umat Islam ingkang wonten.

Menawi mawon tokoh-tokoh umat lan pihak-pihak menika purun sareng-sareng musyawarah, ngrembagaken persoalan-persoalan umat madosi solusinipun, mongko bakal kathah masalah-masalah umat menika ingkang dipunrampungaken kanthi sae lan bijak.

Celah-celah pertikaian, perselisihan, lan permusuhan antar umat wonten oyod bakal ilang sekedhik kanthi sakedhik, sehingga persatuan umat saget kawujud lan saged kokoh.

 وَالَّذِينَ اسْتَجَابُوا لِرَبِّهِمْ وَأَقَامُوا الصَّلَاةَ وَأَمْرُهُمْ شُورَىٰ بَيْنَهُمْ وَمِمَّا رَزَقْنَاهُمْ يُنْفِقُونَ

Artosipun: “lan kangge tiyang-tiyang ingkang nampi (ngestuni) seruan Rabbipun lan ndirikaken shalat, lajeng urusan piyambakipun sedaya (dipunputusaken) kelawan musyawarah antawis piyambakipun sedaya; lan piyambakipun sedaya menafkahkan sebagian saking rezeki ingkang ingsun (Allah) paringaken dhateng piyambakipun sedaya.” (QS. Asy-Syura: 38)

Jamaah khutbah jumah ingkang dirahmati allah azza wa jalla,

Kados menika ugi sa-wangsulipun, Rasulullah Shallallahu ‘alaihi wa sallam nglarang sanget umatipun nglampahaken menapa-menapa ingkang ndamel perpecahan ing antawis umat Islam, sami-sami nebihi antar sesami umat Islam, lan sami-sami memusuhi ing antawis piyambakipun.

Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam nglarang umatipun mendiamkan sesami sadherek muslim salami langkung saking tigang dinten berturut-turut. Nanging kenyataanipun, sikap ingkang dilarang dening Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam menika malah kathah kedadosan wonten kalangan antar kelompok lan elemen umat Islam.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait