Materi Khutbah Jumat Tentang Kematian Terbaru: Ketika Sakaratul Maut Tiba (B. Jawa)

Ilustrasi Sakaratul Maut Menjelang Kematian
Ilustrasi Sakaratul Maut Menjelang Kematian

MUKADDIMAH KHUTBAH JUMAT

   الحَمْدُ للهِ الْمَلِكِ الدَّيَّانِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى مُحَمَّدٍ سَيِّدِ وَلَدِ عَدْنَانَ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَتَابِعِيْهِ عَلَى مَرِّ الزَّمَانِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ الْمُنَـزَّهُ عَنِ الْجِسْمِيَّةِ وَالْجِهَةِ وَالزَّمَانِ وَالْمَكَانِ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ كَانَ خُلُقُهُ الْقُرْآنَ  أَمَّا بَعْدُ، عِبَادَ الرَّحْمٰنِ، فَإنِّي أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ المَنَّانِ، الْقَائِلِ فِي كِتَابِهِ الْقُرْآنِ: يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اجْتَنِبُوْا كَثِيْرًا مِّنَ الظَّنِّۖ اِنَّ بَعْضَ الظَّنِّ اِثْمٌ وَّلَا تَجَسَّسُوْا وَلَا يَغْتَبْ بَّعْضُكُمْ بَعْضًاۗ اَيُحِبُّ اَحَدُكُمْ اَنْ يَّأْكُلَ لَحْمَ اَخِيْهِ مَيْتًا فَكَرِهْتُمُوْهُۗ وَاتَّقُوا اللّٰهَ ۗاِنَّ اللّٰهَ تَوَّابٌ رَّحِيْمٌ (الحجرات: ١٢) 

Jamaah sidang Jumat rahimakumullah

Bacaan Lainnya

Sumangga kita tansah muji syukur dhateng Allah Subhanahu wata’ala. Keranten limpahan nikmat saras karunia saking Allah, kita saged menunaikan ibadah shalat jemuwah kanthi berjamaah. Sebab, mungkin saat punika taksih wonten sadherek-sadherek kita ingkang sakit, mila mboten saged nderek ibadah shalat jemuwah.

Shalawat lan salam mugi-mugi tansah kunjuk taur dhateng Nabiyullah muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam ingkang kita ajeng-ajeng syafaatipun wonten ing yaumil qiyamah benjing.

Jamaah sidang jemuwah rahimakumullah

Wonten ing dinten ingkang kebak kaliyan berkah punika, khatib wangsul berwasiat: sumangga kita takwa dhateng Allah subhanahu wata’ala kelawan tansah dzikrul maut, ngemut-emut pejah.

Nabi shallallahu ‘alaihi wasallam nate ngemutaken lebet sabdanipun,

 أَكْثِرُوا ذِكْرَ هَاذِمِ اللَّذَّاتِ يَعْنِي الْمَوْتَ

“Ngakeh-ngakehno siro eling perkoro kang medhot nikmat yoiku mati,” (HR. at-Tirmidzi No. 2229)

Pejah punika mesthi dugi. pejah inggih punika pisahipun ruh saking raga. Saben tiyang mesthi ngalami pejah. Kados keserat ing ndalem Firman Allah subhanahu wata’ala,

 كُلُّ نَفْسٍ ذَاۤىِٕقَةُ الْمَوْتِۗ

“Saben kang nduwe nyowo bakal ngerasakne mati,” (QS. Ali Imran: 185)

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait