Materi Khutbah Jumat Tentang Kematian Terbaru: Ketika Sakaratul Maut Tiba (B. Jawa)

Ilustrasi Sakaratul Maut Menjelang Kematian
Ilustrasi Sakaratul Maut Menjelang Kematian

Estu, gesang punika namung sekumpulan dinten. Kita gesang, gerak, ambekan, lan beraktivitas ngantos malaikat maut mendhet nyawa kita. Sedaya aktivitas bakal mendel nalika nyawa sampun dipuncabut saking badan.

Pejah punika mesthi. Kadhang-kadhang manungsa mboten sadar lan nutup mripat bab pejah. Padahal sedaya ugi ngertos, pejah punika mboten mandeng umur, mboten mandeng jaler utawi estri, saras utawi sakit, ageng utawi alit, sugih utawi miskin, rakyat utawi pejabat. Pejah mboten mandeng puniku sedaya!

Bacaan Lainnya

Nalika pati dugi, mboten bakal wonten ingkang mampu nolak. Senadyan badan wonten ing ujung gedhong pencakar langit, utawi ing pucuking gunung ingkang inggil, ing ruang ketutup utawi ing alam bebas, mboten badhe wonten ingkang saged nyegah.

Sayangipun manungsa malah dowo angen-angen. Kados-kadosipun tebih saking pati. Padahal, 15 abad ingkang rumiyin Rasulullah nate ngemutaken,

 خَطَّ النَّبِيُّ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ خَطًّا مُرَبَّعًا وَخَطَّ خَطًّا فِي الْوَسَطِ خَارِجًا مِنْهُ وَخَطَّ خُطَطًا صِغَارًا إِلَى هَذَا الَّذِي فِي الْوَسَطِ مِنْ جَانِبِهِ الَّذِي فِي الْوَسَطِ وَقَالَ هَذَا الْإِنْسَانُ وَهَذَا أَجَلُهُ مُحِيطٌ بِهِ أَوْ قَدْ أَحَاطَ بِهِ وَهَذَا الَّذِي هُوَ خَارِجٌ أَمَلُهُ وَهَذِهِ الْخُطَطُ الصِّغَارُ الْأَعْرَاضُ فَإِنْ أَخْطَأَهُ هَذَا نَهَشَهُ هَذَا وَإِنْ أَخْطَأَهُ هَذَا نَهَشَهُ هَذَا

“Nabi shallallahu alaihi wasallam nate ndamel setunggaling garis persegi sekawan, lan nggaris tengah ing persegi sekawan kasebat, lan sa garis ing jawining garis segi sekawan kasebat, saha ndamel pinten-pinten garis alit ing iringaning garis tengah saking tengahing garis kasebat.”

Lajeng piyambakipun bersabda: ‘Iki yoiku manungsa lan iki yoiku pati kang ngubengi utawa kang ngelilingi lan kang anak jobo iki yoiku angen-angene manungsa, sementara gari cilik iki yoiku rintangan-rintangan, umpomo dheweke ngelakoni salah, mongko dheweke bakal kena garis iki, umpomo ngelakoni salah maneh mongko garis iki bakal ngeneki dheweke.’ (HR. al-Bukhari No. 5938).

Jamaah sidang jemuwah rahimakumullah

Lajeng dugi awal pejah ingkang dahsyat sanget, inggih punika sakaratul maut! Nalika kritis nyawa ajeng dipuncabut ingkang prayogi kita renungkan dados introspeksi dhiri.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait