Materi Khutbah Jumat Tentang Kematian Terbaru: Ketika Sakaratul Maut Tiba (B. Jawa)

Ilustrasi Sakaratul Maut Menjelang Kematian
Ilustrasi Sakaratul Maut Menjelang Kematian

 وَجَاۤءَتْ سَكْرَةُ الْمَوْتِ بِالْحَقِّ ۗذٰلِكَ مَا كُنْتَ مِنْهُ تَحِيْدُ

“Lan tekoho sakaratul maut kelawan sak bener-benere. Ikulah kang dhisik arep siro hindari.” (Qs. Qāf: 19)

Bacaan Lainnya

Imam ath-Thabari ngendikan, “Maksud sakaratul maut inggih punika kedahsyatan, tekanan, lan himpitan kekiyatan pejah ingkang ngalahaken manungsa lan nguasai akal sarasipun. Makna bil haq (perkawis ingkang leres) inggih punika perkawis akhirat, mila manungsa sadar, yakin lan nyumerepi.”

Wonten ingkang gadhah pendapat al-Haq inggih punika hakikat keimanan, mila artosipun sampun dugi sakratulmaut kaliyan wujud pati.” (Jami’u al-bayan fi tafsiri al-qur’an, ath-thabari, 26/100–101)

Jamaah sidang jemuwah rahimakumullah

Nalika sakaratul maut berlalu, lajeng mayit dipunbekta dhateng kuburan. Sumangga kita merenung sekedhap. Sinten kanca kita ing alam kubur?

Mbokmenawi kita nggadhahi kanca ing akun whatsapp gangsal atus kanca. Kanca ing kontak hape sewu tiyang. Kanca ing kampung satus tiyang. Kanca ing masa susah setunggal utawi kalih tiyang, lajengipun pinten kanca ingkang ngiringi jenazah kita? Mungkin namung keluwarga lan tangga kita mawon.

Salajengipun pinten kanca ing alam kubur? mboten wonten! Namung kita piyambakan. Kanca kita inggih punika amal saleh kita piyambak. Estu allah sampun berfirman:

فَاِذَا جَاۤءَ اَجَلُهُمْ لَا يَسْتَأْخِرُوْنَ سَاعَةً وَّلَا يَسْتَقْدِمُوْنَ

“Maka menawa ajale teka, dheweke kabeh ora oleh nyuwun nunda utawa percepatan meski namung sedhela.” (QS. an-Nahl: 61)

Jamaah sidang jemuwah rahimakumullah

Mila ingkang saged kita lampahaken namung nyiapaken sangu ingkang badhe kita bekta kangge ngadepi pejah lan alam salajengipun.

Seherek sedaya, pejah punika mesthi bakal ndugi. Kadhang-kadhang lantaran ngemut-emut pejah, kita saged dados pribadi ingkang langkung sae.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait