Khutbah Jumat Terbaru: Keutamaan 10 Hari Pertama Bulan Dzulhijjah (B. Jawa)

Ilustrasi Menyembelih Hewan Kurban
Ilustrasi Menyembelih Hewan Kurban

KHUTBAH JUMAT PERTAMA

اَلْحَمْدُ للهِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ رَسُوْلِ اللهِ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ وَالَاهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ، أَمَّا بَعْدُ، فَإِنِّي أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ الْقَائِلِ في مُحْكَمِ كِتَابِهِ: وَالْفَجْرِ (1) وَلَيَالٍ عَشْرٍ (2) وَالشَّفْعِ وَالْوَتْرِ (3) (سورة الفجر: 1-3

Maasyiral Muslimin rahimakumullah,

Bacaan Lainnya

Miwiti khutbah ingkang enggal meniko, khatib berwasiat dhateng kita sami, utaminipun dhateng pribadi khatib piyambak supados senantiasa usaha ningkataken ketakwaan lan keimanan kita dhateng Allah subhanahu wa ta’ala kelawan nglampahi sedaya kewajiban lan nebihi sedaya larangan lan ingkang diharamaken.

Hadirin ingkang minulya,

Saat meniko, kita wonten ing sedasa dinten awal sasi besar utawi Dzulhijjah, dinten-dinten ingkang dipuntresnani lan dimuliaken dening Allah subhanahu wa ta’ala. Ing sedasa dinten pertami sasi besar, kita dipunanjuraken sanget kangge nglampahaken lan ngatah-ngatahaken amal-amal kesaenan.

Amal-amal kesaenan ingkang dipunlampahaken ing lebetipun, bakal dipun-tikelaken pahalanipun dening Allah ta’ala. Pramila sumangga kita isi dinten-dinten ingkang mulia meniko kaliyan pinten-pinten kesaenan lan ketaatan dhateng Allah ta’ala.

Hadirin rahimakumullah,

Keranten banget mulianipun sedasa dinten awal sasi besar, ngantos Allah subhanahu wa ta’ala sumpah lebeting al-qur’an:

وَالْفَجْرِ(1) وَلَيَالٍ عَشْرٍ (2) وَالشَّفْعِ وَالْوَتْرِ (3) (سورة الفجر: 1-3)

Artosipun: “Demi waktu fajar. Demi sepuluh wengi kapisan sasi besar. Demi dina arafah (tanggal 9 besar) lan Demi dina riyaya Qurban” (QS al-Fajr: 1-3)

Wonten setunggaling hadits ingkang diriwayatkan dening Imam Ahmad, Al-Bukhari, At-Tirmidzi, Abu Dawud lan Ibnu Majah saking sahabat Ibnu Abbas Radliyallahu ‘anhuma, bilih Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam bersabda:

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait