Khutbah Jumat Terbaru: Keutamaan 10 Hari Pertama Bulan Dzulhijjah (B. Jawa)

Ilustrasi Menyembelih Hewan Kurban
Ilustrasi Menyembelih Hewan Kurban

 مَا مِنْ أيّامٍ الْعَمَلُ الصّالِحُ فيهَا أحَبُّ إلَى الله مِنْ هَذِهِ الأيّامِ يَعْني أيّامَ الْعَشْرِ قالُوا: يَا رَسُولَ الله وَلاَ الْجِهَادُ في سَبِيلِ الله؟ قالَ وَلاَ الْجِهَادُ في سَبِيلِ الله إلاّ رَجُلٌ خَرَجَ بِنَفْسِهِ وَمَالِهِ فَلَمْ يَرْجِعْ مِنْ ذَلِكَ بِشَيْءٍ (رواه البخاري وأحمد والترمذي وأبو دود وابن ماجه

Maknanipun: “Ora ana dina kang amal shalih ing jerone luwih ditresnani dening Allah saliyane sepuluh dina kapisan sasi besar.” Para sahabat lajeng tanglet, “Wahai Rasulullah, kelebet langkung utami tinimbang jihad fisabilillah?” Rasulallah jawab “Termasuk luwih utama dibandhingake jihad fisabilillah kajaba wong kang budhal jihad karo jiwa lan bandhane banjur dheweke ora bali karo apa-apa wae saka jiwa lan bandhane amarga dheweke mati syahid ing medan jihad” (HR al-Bukhari, Ahmad, at-Tirmidzi, Abu Dawud lan Ibnu Majah)

Bacaan Lainnya

Maasyiral muslimin rahimakumullah,

Wonten ing sedasa dinten awal sasi besar, wonten dinten ingkang paling utami sepanjang tahun, inggih meniko dinten arafah utawi dinten kaping sanga sasi besar (Dzulhijjah), ingkang tahun meniko ngeleresi dinten …………….. tanggal ………………… 20…., ingkang badhe dugi.

Wonten ing dinten arafah, kita langkung dipunanjuraken malih kangge nglampahaken pinten-pinten kesaenan saha siyam lan ngatah-ngatahaken donga ing dinten kasebat.

Salah setunggal hadist shahih tentang pelaksanaan puasa Arafah diriwayataken Qatadah RA, Rasulallah SAW dawuh:

صِيَامُ يَوْمِ عَرَفَةَ أَحْتَسِبُ عَلَى اللَّهِ أَنْ يُكَفِّرَ السَّنَةَ الَّتِى قَبْلَهُ

“Poso dino Arafah bakal nggusep kesalahan-kesalahan kang wis dilakoni setahun keoungkur.”

Ing ndalem hadits lintunipun Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam njlentrehaken keutamaan dinten arafah kelawan bersabda:

مَا مِنْ يَوْمٍ أَكْثَرَ مِنْ أَنْ يُعْتِقَ اللهُ فِيْهِ عَبْدًا مِنَ النَّارِ مِنْ يَوْمِ ‏‏عَرَفَةَ (رواه مسلم)

Artosipun: “Ora ana dina kang Allah mbebasake kawula saka neraka seakeh kang piyambakipun bebasaken ing dina Arafah” (HR Muslim)

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait