Teks Khutbah Jumat PDF Tentang Kurban: Enam Keutamaan Berkurban (B. Jawa)

Gambar Ilustrasi Berkurban
Gambar Ilustrasi Berkurban

Islam paring pelajaran dhateng kito kangge ngraosaken nasib sepenanggungan ing ndalem gesang meniko. Lebeting manah kados-kados kito ngucap dhateng tiyang-tiyang susah, “Loromu yo loroku, deritamu yo deritaku, kesedihanmu yo kesedihanku. Opo kang siro roso lan tanggung ugo dadi roso lan tanggunganku.” Kados meniko lah ingkang kajeng Nabi Ajaraken dhateng kito:

 تَرَى الْمُؤْمِنِينَ فِي تَرَاحُمِهِمْ وَتَوَادِّهِمْ وَتَعَاطُفِهِمْ كَمَثَلِ الْجَسَدِ إِذَا اشْتَكَى عُضْوًا تَدَاعَى لَهُ سَائِرُ جَسَدِهِ بِالسَّهَرِ وَالْحُمَّى

Bacaan Lainnya

“Siro weruh kaum mukminin naliko kasih sayang, nresnani, tenggang roso, yaiku kaya siji awak, menowo ono sebagian awak kang loro mulo sekabehane awak liyane ngrasakake panas lan ora biso turu.” (HR. Bukhari-Muslim).

Lantaran momentum kurban, kito dipunsadaraken bilih ing tengah-tengah kito taksih kathah tiyang-tiyang ingkang miskin, malah ing andhaping garis kemiskinan. Keranten meniko, sumonggo manfaataken wekdal lan kesempatan saben Idul Adha dados penyemangat dhiri kito kangge langkung merhatikaken sesami lantaran ibadah kurban.

Ma’asyiral muslimin hafidzakumullah,

Ibadah kurban inggih meniko ibadah ingkang gadhah nuansa ritual sekaligus sosial ingkang tamtunipun gadah hikmah ing lebetipun. Wonten enem hikmah saking ibadah kurban meniko;

Sepindah, saben wulu kewan kurban badhe dipunwangsuli setunggal kesaenan. Rasulullahﷺ bersabda,

 بكل شعرة حسنة قلنا يا رسول الله فالصوف ؟ قال : فكل شعرة من الصوف حسنة

“Saben siji rambut kewan kurban yaiku siji kabecikan.” Banjur, sahabat takon, “Yen wulu-wulune?” Kanjeng Nabi Muhammad njawab, “Saben wulune uga siji kabecikan.” (HR. Ahmad lan Ibnu Majah).

Kaping kalih, ibadah kurban meniko inggih meniko ibadah ingkang paling dipuntresnani dening allahﷻ. Rasulﷺ bersabda,

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait