Teks Khutbah Jumat PDF Tentang Kurban: Enam Keutamaan Berkurban (B. Jawa)

Gambar Ilustrasi Berkurban
Gambar Ilustrasi Berkurban

 مَا عَمِلَ ابْنُ آدَمَ يَوْمَ النَّحْرِ عَمَلاً أَحَبَّ إِلَى اللَّهِ عَزَّ وَجَلَّ مِنْ هِرَاقَةِ دَمٍ وَإِنَّهُ لَيَأْتِى يَوْمَ الْقِيَامَةِ بِقُرُونِهَا وَأَظْفَارِهَا وَأَشْعَارِهَا وَإِنَّ الدَّمَ لَيَقَعُ مِنَ اللَّهِ عَزَّ وَجَلَّ بِمَكَانٍ قَبْلَ أَنْ يَقَعَ عَلَى الأَرْضِ فَطِيبُوا بِهَا نَفْسًا

“Ora ono amalan anak putu Adam ing dino Riyoyo Idul kurban kang luwih ditresnani Allah ngluwihi saka mengucurno getih (berkurban), sabenere ing dino kiamat mengko kewan-kewan iku arep teko pepeg (lengkap) karo sungu-sungune, kuku-kukune, lan bulu-bulune. Sabenere getihe arep tekan marang Allah dadi kurban nang endi ae kewan iku disembelih sadurunge getihe tekan menyang lemah, mula ikhlaso menyembelihe.” (HR. Ibnu Majah lan Tirmidzi).

Bacaan Lainnya

Kaping tiga, dados ciri keIslaman salah setunggaling tiyang. Rasulﷺ bersabda,

 مَنْ كَانَ لَهُ سَعَةٌ وَلَمْ يُضَحِّ، فَلَا يَقْرَبَنَّ مُصَلَّانَا

“Sopo kang ngolehi dheweke kecukupan banjur dheweke ora gelem berkurban, mula dheweke ojo nyedhaki papan shalat Id kito.” (HR. Ahmad lan Ibnu Majah).

Kaping sekawan, dados syiar Islam.

 وَلِكُلِّ أُمَّةٖ جَعَلۡنَا مَنسَكٗا لِّيَذۡكُرُواْ ٱسۡمَ ٱللَّهِ عَلَىٰ مَا رَزَقَهُم مِّنۢ بَهِيمَةِ ٱلۡأَنۡعَٰمِۗ فَإِلَٰهُكُمۡ إِلَٰهٞ وَٰحِدٞ فَلَهُۥٓ أَسۡلِمُواْۗ وَبَشِّرِ ٱلۡمُخۡبِتِينَ

“Lan kanggo saben-saben umat wis kito syariatkan nyembelih (kurban), supaya dheweke kabeh nyebut asma Allah karo kewan ternak kang wis diwenehi Allah marang dheweke kabeh, mula pengeranmu yaiku pengeran kang Maha Esa, amarga iku pasraho siro marang Allah. Lan wenehono kabar seneng marang wong-wong kang tunduk patuh (marang Allah).” (QS. al-Hajj: 34).

Kaping gangsal, ngemut-emut ujian katresnan Allahﷻ dhateng Nabi Ibrahim ingkang dipunabadikaken lebet serat ash-Shaffat ayat 102-107.

Lan kaping enem, dados misi kepedulian dhateng sesami. lebeting bab meniko, rasulﷺ bersabda,

 أَيَّام التَّشْرِيق أَيَّام أكل وَشرب وَذكر الله تَعَالَى

Artosipun: “Dino riyoyo kurban yaiku dino kanggo mangan, ngombe, lan dzikir marang Allah SWT” (HR Muslim).

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait