Khutbah Idul Adha PDF: Kesabaran Nabi Ibrahim AS yang Sempurna (B. Jawa)

Ilustrasi kisah nabi Ibrahim AS
Ilustrasi kisah nabi Ibrahim AS

Keluwargi Nabi Ibrahim As angsal putro pertama ingkang lajeng dipunparingi asmo Ismail. Nabi Ismail as lahir saking garwo nomer kalih Nabi ibrahim as asmanipun Siti Hajar. Saat meniko Nabi Ibrahim as kinten-kinten yuswo 100 tahun.

Nanging ing lajeng dinten, Nabi ibrahim as dipun-utus Allah lantaran ngipi supados nyembelih putro setunggal-setunggalipun ingkang kala meniko sampun usia remaja. Al-Qur’an ngrekam ngipi meniko lebet serat ash-Shaffat ayat 102:

Bacaan Lainnya

 يَا بُنَيَّ إِنِّي أَرَى فِي الْمَنَامِ أَنِّي أَذْبَحُكَ

Artosipun: “Hai putraku, setuhune aku ngipi nyembelih siro,”

Ing ngriki Nabi ibrahim as lagi diuji kaliyan Allah SWT. Putro kesayanganipun ingkang sampun lami piyambakipun ajeng-ajeng ngantos sepuh, ing pungkasanipun kedah dikurbanaken atas perintahipun Allah kelawan disembelih piyambak. Kados pundi sikap Nabi Ibrahim ngadepi perintah kasebat? Piyambakipun taat dhateng perintahipun Allah kelawan sabar lan ikhlas.

 اللهُ اَكبَرْ (3×) وَ للهِ اْلحَمْدُ

Jamaah sholat Idul Adha ingkang dirahmati Allah

Sesambetan kaliyan sabar, Imam al-Ghazali nyebat wonten tigang macem sabar:

 وَالصَّبْرُ عَلَى أَوْجُهٍ: صَبْرٌ عَلَى طَاعَةِ اللهِ، وَصَبْرٌ عَلَى مَحَارِمِهِ، وَصَبْرٌ عَلَى اْلمُصِيْبَةِ

Artosipun: “Sabar meniko wonten pinten-pinten bagian, inggih meniko (1) Sabar ing ndalem nglampahaken ketaatan dhateng Allah, (2) Sabar ing ndalem nebihi larangan-larangan Allah, (3) Sabar ing ndalem nampi musibah.” (al-Ghazali, Mukâsyafatul Qulûb, [beirut, dâr al-qalam], halaman 16).

Bilih kito renungaken, Nabi Ibrahim as sampun nglampahaken tigang macem sabar sekaligus, inggih meniko sabar ing ndalem nglampahaken perintah Allah SWT, sabar ing dalem nilaraken larangan-ipun , lan sabar ing ndalem nampi musibah rupinipun ujian awrat sanget.

Sepindah, sabar Nabi Ibrahim as ing ndalem nglampahaken perintah Allah SWT saged kito tingali saking sikapipun ingkang enggal nglampahaken perintah meniko. Sanadyan saleresipun wonten raos sedhih ing manahipun.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait