Khutbah Idul Adha PDF: Kesabaran Nabi Ibrahim AS yang Sempurna (B. Jawa)

Ilustrasi kisah nabi Ibrahim AS
Ilustrasi kisah nabi Ibrahim AS

Sanadyan Nabi, piyambakipun tetepa manungsa kados lumrahipun ingkang nggadhahi perrasaan. Nanging pangraosan sedhih meniko berkembang dados keikhlasan sasampunipun angsal wangsulan langsung saking Nabi Ismail as:

 يَا أَبَتِ افْعَلْ مَا تُؤْمَرُ سَتَجِدُنِي إِنْ شَاءَ اللَّهُ مِنَ الصَّابِرِينَ

Bacaan Lainnya

Artosipun: “Hai Bapaku, panjenengan leksanaaken menopo ingkang sampun diperintah dhateng panjenengan; Insya Allah panjenengan bakal sumerep kulo kelebet tiyang-tiyang ingkang sabar”. (QS ash-Shaffât:102).

Jamaah sholat Idul Adha ingkang dirahmati Allah

Sabar kaping kalih, sabar ing ndalem nilaraken larangan Allah. Keteguhan Nabi ibrahim as nglampahaken perintah kasebat inggih meniko sabar ing ndalem taat dhateng Allah SWT. Piyambakipun mboten ragu-ragu sakedhika kangge nglampahaken prakawis haq sehingga mboten wonten sakedhika kekajengan kangge maksiat lan nglawan perintah Allah.

Maksiat dhateng Allah inggih meniko larangan atos, menopo malih kangge seorang Nabi. Nabi Ibrahim as kelawan keteguhan manahipun nilaraken larangan meniko dados wujud sabar.

Lan sabar ingkang kaping tiga inggih meniko sabar ing ndalem nampi musibah. Perintah Allah supados Nabi ibrahim as nyembelih putranipun inggih meniko musibah. Artosipun, perintah meniko mboten saged dipuntolak mila dados ujian berat kangge Nabi Ibrahim as. Menopo piyambakipun langkung milih lan nresnani Allah tinimbang putranipun?

Kebukti Nabi ibrahim as langkung milih lan nresnani Allah kelawan sedaya kepasrahan jiwa. Nabi Ibrahim lulus ngadepi ujian musibah. Lajeng Allah ngutus malaikat Jibril kangge nebus Nabi Ismail as kaliyan setunggal domba ageng kangge disemblih.

Jamaah sholat Idul Adha ingkang dirahmati Allah

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait