Khutbah Jumat Setelah Idul Adha: Menjaga Spirit Berkurban Dalam Keseharian (B. Jawa)

Ilustrasi spirit berkurban
Ilustrasi spirit berkurban

KHUTBAH JUMAT PERTAMA

   اَلْحَمْدُ للهِ، اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِىْ جَعَلَ الْاِسْلَامَ طَرِيْقًا سَوِيًّا، وَوَعَدَ لِلْمُتَمَسِّكِيْنَ بِهِ وَيَنْهَوْنَ الْفَسَادَ مَكَانًا عَلِيًّا

 أَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ، شَهَادَةَ مَنْ هُوَ خَيْرٌ مَّقَامًا وَأَحْسَنُ نَدِيًّا. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا حَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْمُتَّصِفُ بِالْمَكَارِمِ كِبَارًا وَصَبِيًّا. اَللَّهُمَّ فَصَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَانَ صَادِقَ الْوَعْدِ وَكَانَ رَسُوْلاً نَبِيًّا، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ الَّذِيْنَ يُحْسِنُوْنَ إِسْلاَمَهُمْ وَلَمْ يَفْعَلُوْا شَيْئًا فَرِيًّا،

Bacaan Lainnya

 أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ رَحِمَكُمُ اللهُ، اُوْصِيْنِيْ نَفْسِىْ وَإِيَّاكُمْ بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى : بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ، يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

Jamaah Shalat Jumat Rahimakumullah

Ing ndalem kesempatan istimewa nanging singkat meniko kula berwasiat dhateng dhiri lan jamaah sedoyo kangge terus ambudi-doyo ningkataken takwallah.

Caranipun inggih meniko kelawan nglampahaken perintah lan nebihi ingkang dipun-larang. Lan perlu dipun mangertosi bilih sangu paling sae kangge showan dhateng Allah SWT inggih meniko takwa.

Hadirin ingkang minulyo

Perayaan Idul Adha tansah dados momen spesial kangge umat Islam sa-alam dunyo. Samboten-mbotenipun wonten kalih bab pokok ingkang tansah nonjol lebeting momen kasebat; sepindah, ibadah kaji. Jutaan Muslim saking pinten-pinten penjuru dunyo kempal ing tanah suci kangge ngelampahi rukun Islam ingkang kaping gangsal.

Kaping kalih, pelaksanaan kurban utawi nyembelih kewan ternak. Kesempatan meniko dados wujud solidaritas dhateng kaum fakir, miskin, sadherek, lan tonggo kiwo tengen kaliyan berbagi daging sesembelihan.

Kekalih lampahan ibadah kasebat mboten saged dipun lepas saking sejarah lan wucalan Nabi Ibrahim lan kluwarganipun.

Sanadyan saben tahun Idul Adha dipunrayakaken, kadosipun namung sekedhik saking kito meneladani Nabi Ibrahim lebet gesang sadinten-dinten. Kito kados nembe emut keteladanan kasebat naliko badhe Idul Adha. Sehinggo ajaranipun namung dipun lampahi saben tahun.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait