Khutbah Jumat Setelah Idul Adha: Menjaga Spirit Berkurban Dalam Keseharian (B. Jawa)

Ilustrasi spirit berkurban
Ilustrasi spirit berkurban

Padahal, inti ajaran piyambakipun, utaminipun soal berkurban, nggadhahi arti ingkang wiyar lan saged dipunterapaken ing ndalem jangka waktu mboten terbatas.

Jamaah jemuwah hadâkumullâh

Bacaan Lainnya

Kados sering diceramahkan ing panggung-panggung dakwah lan mimbar-mimbar khutbah, peristiwa dinten riyadin kurban ngrujuk ing kisah diperintahipun Nabi Ibrahim kangge nyembelih putro kesayanganipun, Ismail.

Saged dipunbayangaken upaminipun Nabi Ibrahim kados Bapak ing lumrahipun tiyang. Langkung tresna dhateng putro tinimbang tresna dhateng Allah. Lan pasti langkung milih nuruti kekajenganipun putro tinimbang nuruti perintah Allah.

Nanging, Nabi Ibrahim sanes kados Bapak-bapak lintunipun. Tresnanipun langkung ageng dhateng Allah subhânahu wa ta‘âlâ tinimbang sedoyonipun.

Kelawan musyawarah lan persetujuan putranipun ingkang tanpo paksaan, Nabi Ibrahim nglampahaken perintah Allah, sanadyan ing pungkasanipun ritual meniko batal atas kersanipun Allah SWT.

Larangan Allah nyembelih darah manungso (Ismail) dening Nabi Ibrahim mbuktikaken bilih, perintah ingkang dipunangsal saking ngimpi kasebat namung sabates ujian. Kebukti, Nabi Ibrahim lulus saking ujian super berat, lan ismail dipun-gantosaken kaliyan mendo ingkang ageng sanget.

Jamaah rahimakumullah

Wonten pesen menarik ing ndalem kisah Nabi Ibrahim lan kluwargonipun meniko. Criyos kasebat nunjuk-aken bilih mboten wonten bonda paling sejatos lan paling awis dipunbanding ketundukan secara total dhateng Allah subhâahu wa taâlâ.

Nabi Ibrahim mampu ngilangaken sedoyo pola pikir ingkang wastani kekayaan duniawi, termasuk putro inggih meniko perkawis ingkang paling utami. Lebeting al-qur’an dipun sebataken:

 إِنَّمَا أَمْوَالُكُمْ وَأَوْلادُكُمْ فِتْنَةٌ وَاللهُ عِنْدَهُ أَجْرٌ عَظِيمٌ

Artosipun: “Sabenere bondomu lan anak-anakmu namung cobaan (kanggomu): Ing ngarso ndalem Allah-lah pahala kang gedhe. (QS at-Taghabun: 15)

Hadirin rahimakumullah

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait