Khutbah Jumat Setelah Idul Adha: Menjaga Spirit Berkurban Dalam Keseharian (B. Jawa)

Ilustrasi spirit berkurban
Ilustrasi spirit berkurban

Kurban asalipun saking basa arab qurbân ingkang artosipun “pendekatan diri”. Tegesipun inggih meniko nyaketaken dhiri dhateng Allah. Ing ndalem ajaran Islam, kurban dipunlampahaken saben tahun kaliyan nyembelih kewan ternak tertamtu.

Pramila, kurban nggadah hubungan erat kaliyan korban (ngangge huruf ‘o’) ing ndalem basa indonesia. Amargi, tiyang ingkang kurban lagi ngorbanaken Sebagian hartanipun arupi kewan ternak kangge dipunbagikaken dhateng sesami.

Bacaan Lainnya

Nabi Ibrahim ingkang dados teladan lebet ritual tahunan kasebat mucalaken bilih setunggaling kawulo sampun ngantos ketipu kaliyan kesugihan ingkang sifatipun sekedhap mawon.

Wonten gesang ingkang langkung hakiki lan perlu diperjuangaken katimbang gesang ing dunyo ingkang fana. Keranten meniko, ngorbanaken sebagian bondo lillâhi ta‘âlâ mboten ajeng wonten ruginipun. Sikap kados mekaten lah ingkang dipuntedahaken Nabi Ibrahim, ingkang ugi dipuntumuti putranipun, Ismail, ingkang patuh lan soleh sanget.

Pengorbanan inggih meniko wujud coro pandang manungso ingkang tebih tumuju gesang bingah ing akhirat benjang.

 وَمَا الْحَيَاةُ الدُّنْيَا إِلَّا لَعِبٌ وَلَهْوٌ وَلَلدَّارُ الْآخِرَةُ خَيْرٌ لِلَّذِينَ يَتَّقُونَ أَفَلَا تَعْقِلُونَ

Artosipun: “Setuhune kauripan ing donya iki namung dolanan lan guyonan. Lan tenane kampung akhirat iku luwih apik kanggo wong-wong kang bertakwa. Mula opo siro kabeh ora paham (QS al-An’am: 32)

Kito ingkang sering ngaku nyontoh Nabi Ibrahim kelawan berkurban, menopo sampun sebanding kaliyan pengorbanan piyambakipun? Menopo sampun sebanding kaliyan semangat pengorbanan garwoipun, Siti Hajar? Menopo sampun sebanding kaliyan semangat pengorbanan Ismail ingkang taksih bocah?

Jamaah jemuwah ingkang minulyo

Kangge tumbas kewan kurban mawon, kito kadhang taksih bersiasat kangge angsal regi paling murah. Malah, kito kadhang tumbas kewan ing wulang ingkang taksih tebih.

Kito taksih milih arta paling alit kangge dipunlebetaken kotak amal. Kito taksih mboten purun kangge nglampahaken sedekah.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait