Khutbah Gerhana Bulan Bahasa Jawa: Gerhana Tanda Kekuasaan Allah SWT

Ilustrasi Gerhana Bulan
Ilustrasi Gerhana Bulan

Ayat meniko ngimutaken kito sedoyo bilih kekuasaane Allah ngeliputi sedoyo alam, makhluk sehinggo kito kedah mikir lan muhasabah, ugi muji dateng Gusti Allah.

Hadirin Jamaah Rahimakumullah

Bacaan Lainnya

Kedah kito mangertosi bilih peristiwa gerhono niku sanes disebabaken kapundut utawi lahire wong suwiji, ananging murni bukti kekuasaane Gusti Allah. Kanjeng Nabi dawuh ing setunggale hadis:

اِنَّ الشَّمْسَ وَاْلقَمَرَ لَا يَخْسِفَانِ لِمَوْتِ اَحَدٍ وَلَا لِحَيَاتِهِ وَلكِنَّهُمَا آيَتَانِ مِنْ آيَاتِ اللهِ ، فَإِذَا رَأَيْتُمُوهُمَا فَصَلُّوا

Artosipun: Saktemene srengenge lan bulan iku ora gerhono sebab kapundute tiyang lan ora sebab lahire wong suwiji, anangin iku tondo kekuasaane Allah. Lamun siro kabeh ningali gerhono, mongko lakonono shalat gerhono (Shahih Bukhari, Sunan Nasai).

Imam Ibn Hajar mertelaaken maksud hadis meniko minongko dados tondo sijine (tauhid) Gusti Allah. Ugi wonten hadis meniko negesaken bilih kejadian gerhono mboten wonten kaitane kaliyan mati lan lahire tiyang mulyo, awon, utawi sanesipun.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait