Khutbah Gerhana Bulan Bahasa Jawa: Gerhana Tanda Kekuasaan Allah SWT

Ilustrasi Gerhana Bulan
Ilustrasi Gerhana Bulan

Ananging niku tondo kekuasaane Gusti Allah ingkang paring pepiling dumateng kito supados mboten kesupen sejatine sedoyo alam, makhluk niku nggadahe Gusti Allah.

Jamaah Ingkang Minulyo

Bacaan Lainnya

Saking pepertelan kasebat, mboten kesupen monggo kito katahaken maos al-Quran, dzikir, lan sedekah. Kranten peristiwa ingkang longko meniko kedah dipun isi kaliyan taqarrub ilalLah, muhasabah lan ngelampahi kesaenan. Ampon kesupen kito ajak masyarakat rame-rame nindaaken amalan sae meniko.

Pramilo, peristiwa gerhono meniko saget dados momen penting ngimut dateng kekuasaane Gusti Allah ugi dados wekdal makempal sareng masyarakat, saling ngimutaken bilih kito sedoyo kawulo ingkang fakir lan mboten nggadah kekiatan soho kekuasaan ingkang saget dibanggaaken.

Mugo-mugo kito sedoyo pinaringan pitulung lan kekiatan saking Gusti Allah ingatase nindaaken amal kesaenan lan tansah pinaringan maghfiroh saking Gusti Allah. Amiin.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait