Khutbah Jumat PDF Singkat Hari Pahlawan: Meneladani Para Pahlawan (B. Jawa)

ilustrasi hari pahlawan nasional
ilustrasi hari pahlawan nasional

Nembe mawon kito peringati dinten pahlawan ingkang dumawah tanggal 10 November, setunggale dinten luar biasa, kranten wonten dinten meniko poro pahlawan sami jihad berjuang mbelo negoro. Peristiwa meniko kedah kito pundut tupo tulodone supados saget nggadah semangat ibadah dumateng Gusti Allah.

Kedah kito mangertosi bilih poro pahlawan mbelo negoro niku cita-citane paring pengadem, tentrem dateng kito sedoyo supados saget ibadah kanti tenang, mboten dipun ganggu kaliyan penjajah. Poro pahlawan ingkang netepi agomo Islam meniko kalebet syuhada fi sabilillah.

Bacaan Lainnya

Katah sanget tupo tulodo ingkang saget kito pundut, ananging wonten kalih ingkang dados punjer, nggih meniko: Kiat nyekel prinsip lan sabar.

Kiat nyekel prinsip niku maksude mboten bade kabujuk kaliyan iming-iming dunyo lan howo nefsu, kados dene mboten gampang gawuk, nggumun pepahese dunyo ingkang saget ngerayu penggalihe sinten kimawon. Akhire ibadah marang Allah, berjuang syiar agamane Allah dipun tilar.

Pramilo, Gusti Allah dawuh:

فَاسْتَقِمْ كَمَا أُمِرْتَ وَمَن تَابَ مَعَكَ وَلَا تَطْغَوْا ۚ إِنَّهُ بِمَا تَعْمَلُونَ بَصِيرٌ

Artosipun: Mongko jejego (istiqomaho) siro kados punopo ingkang sampun dipun perintahaken Allah, ugi wong kang wes bali (taubat) bareng siro lan ojo podo ngelanggar aturane Allah. Saktemene Gusti Allah iku dzat kang ngaweruhi punopo ingkang siro kabeh lakoni (Hud:112)

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait