Naskah Khutbah Jumat Singkat Padat PDF Terbaru 10 Menit: Koreksi Diri Sendiri (B. Jawa)

Ilustrasi Intropeksi Diri
Ilustrasi Intropeksi Diri

KHUTBAH JUM’AT PERTAMA

أَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِى خَلَقَ النَّفْسَ فَأَلْهَمَهَا فُجُوْرَهَا وَتَقْوَاهَا. وَكَتَبَ بِأَنَّهُ قَدْ أَفْلَحَ مَنْ زّكَّاهَا وَخَابَ مَنْ دَسَّاهَا. وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ  رَبٌّ كَرِيْمٌ لَا يَنَالُ مَا لَدَيْهِ إِلَّا بِإِزَالَةِ الْغُيُوْبِ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهَ وَرَسُوْلُهُ نَبِيٌّ أَرْسَلَهُ هَادِيًا لَا مَسَّهُ عَلَّامُ الْغُيُوْبِ

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الَّذِى كَشَفَ الْكُرُوْبَ. وَعَلَى آلِهِ وَأصْحَابِهِ سَارُوا بِسَيْرَتِهِ وَجَنَحُوْا بِغُفْرَانِ الذُّنُوْبِ

Bacaan Lainnya

أَمَّا بَعْدُ: فَيَاعِبَادَ اللَّهِ, إِتَّقُوا اللَّهَ مَا اسْتَطَعْتُمْ بفِعْلِ المَأمُوْراتِ وَاجْتِنَابِ المُحَرَّمَاتِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ

Jamaah shalat Jumat hafidhakumullah,

Monggo sareng-sareng ningkataken taqwalloh, ajrih dumateng ngarsonipun Alloh, kanti nindaaken sedoyo printah-printah-Ipun soho nebihi sedoya awisan-awisan-Ipun. Sepados kita sedoyo manggehaken kawilujengan soho kebahagiaan wonten ing dunyo ngantos akhiratipun.

Sampun dipun shohihaken deneng poro ulomo, bilih Alloh swt puniko menawi ngersaaken sae dateng kawulonipun, kawulo kasebat dipun tedahaken keawonan soho celo-celo engkang wonten awak ipun piyambak. Lajeng Alloh paring gampil ngicali awon utawi celo saking awakipun. Lajeng nyampurnaaken sekedik boko sekedik hinggo dados sempurno miturut bagianipun saking Alloh.

Limrahipun utawi kathah-kathahipun manungso sami mboten nyumerapi celo lan awonipun piyambak. Sami anggadahi anggepan bilih piyambakipun sampun sae, sae menggahipun masyarakat lan sae menggahipun Alloh. Akibat saking anggepan puniko, piyambakipun menawi sumerap awon utawi celo engkang namung sak klilip mawon rame-rame lan kadamel rasan-rasan. Celo utawi awon engkang malang wonten ngajeng mripatipun piyambak mboten ketingal, mboten rumaos awon utawi anggadai celo. Kados pribasan: ojo podho nyacat wong liyo, ngilo getho’e dewe. Kanjeng Nabi dawuh:

يُبْصِرُ أَحَدُكُمُ الْقَذَى فِى عَيْنِ أَخِيْهِ وَيَنْسَى الْجِذْعَ فِى عَيْنِهِ. (رواه أبو هريرة)

Salah siji iro weruh kotoran cilik ono mripate dulure, ananging lali kayu malang ono mripate dewe.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait