Ngilo getho’e dewe lan metani awon serto celone dewe, ora niti-niti alane wong liyo, lajeng ambudidodyo ngilangi cacat utawi alane piyambak hinggo dados sae meniko sumber ipun kabekjan. Kanjeng Nabi Muhammad saw dawuh:
طُوْبَى لِمَنْ شَغَلَهُ عَيْبُهُ عَنْ عُيُوْبِ النَّاسِ. (رواه البزار)
“Untung gede banget wong kang ketungkul metani celo ne awake lan ora gelem ketungkul metani celo ne liyan.” (HR. Al-Bazzar)
Kagem ngilo getho’ dewe utawi mawas diri monggo kita timbang kalian dawuh pangandikanipun Sayyidina Ali karramallahu wajhah wonten kitab Nashaihul Ibad karyanipun Ibnu Hajar al-Asqalani:
كُنْ عِنْدَ اللَّهِ خَيْرَ النَّاسِ وَكُنْ عِنْدَ النَّفْسِ شَرَّ النَّاسِ وَكُنْ عِنْدَ النَّاسِ رَجُلًا مِنَ النَّاسِ
“Dadio manungso paling sae mungguhe Alloh. Dadio manungso paling awon mungguh pandanganmu, lan dadio manungso lumrah ono ngarepe poro manungso”.
Pitutur meniko mengku pesen engkang sae sanget, kagem ndandosi awak kita supados ngajeni tyang sanes, mboten rumaos langkung sae soho tawadhu’:
Istiqomah ningkataken taqwa, amal sholih soho ninggalaken larangan-laranganipun. Hinggo dados manungso paling sae menggahipun Alloh
Ngrumaosi dados tiyang awon lan kirang amal sholihipun. Mboten ateges rendah diri, namung supados selamet saking ujub (sombong), riya’ (pamer), lan sum’ah (ngarep-ngarep pujiane liyan).
Andap asor (tawadhu’) dateng tyang sanes soho mboten ngrumaosi langkung sae. Kathah tyang engkang ngremehaken tyang sanes, ngrumaosi langkung sae lan mulyo.
Jamaah shalat Jum’at hafidhakumullah,