Naskah Khutbah Jumat Singkat Padat PDF Terbaru 10 Menit: Koreksi Diri Sendiri (B. Jawa)

Ilustrasi Intropeksi Diri
Ilustrasi Intropeksi Diri

Syaikh Abdu Qadir Al-Jilani kagungan tips sederhana engkang saget kita tindaaken saben dintenipun:

Menawi pepanggihan kalian tyang lintu, kita anggep tyang meniko langkung sae, langkung taqwa, langkung kathah amal sholihipun soho langkung inggil derajat ipun.

Bacaan Lainnya

Menawi kepanggih lare alit utawi lare anem, dipun nasehati awak kita, “Bocah cilik utawo bocah anem iki dosane luwih sethithik tinimbang dosa ku.” Sebalikipun, menawi kepanggih tiyang sepuh, dipun nasehati awak kita, “Tiyang sepuh iki amal sholihe luwih akeh lan luwih akeh anggone paring manfaat marang wong liyo. Sebab dewekne luwih disik anggone takwa lan taat,”

Menawi kepanggih tiyang ‘alim, kita yakini bilih piyambakipun langkung sae, toto coronipun ibadah ugi langkung afdhol lan langkung leres. Ugi berjuang nyebaraken ilmunipun.

Menawi kepanggih tiyang mendo (bodo), kita bisiki awak kita, “Mungkin wae dewekne salah lan doso mergo ora ngerti (luwih sethithik dosone), sedeng aku salah utowo nglakoni doso kanthi sadar lan ngerti ilmune, sehinggo dosoku luwih abot lan akeh.”

Jamaah shalat Jumat hafidhakumullah,

Ngilo getho’e dewe utawi mawas diri kedah kita tindaaken saben wekdal supados kita kemutan kekirangan, kesalahan lan aib kita. Lajeng ambudidoyo ndandosi diri. Ampun niti-niti utawi metani  kekirangan serta aibipun liyan.

Ngilo getho’e dewe utawi muhasabah meniko coro kagem ngendalikaken gesang kita, engkang bade ngasilaken efek luar biasa wonten diri kita. Teledor ngilo getho’e dewe utawi mawas diri bade ngrisak panggesangan kita, keluwargo tuwin masyarakat.

Rosululloh SAW andawuhaken:

 اَلْكَيِّسُ مَنْ دَانَ نَفْسَهُ وَعَمِلَ لِمَا بَعْدَ الْمَوْتِ وَالْعَاجِزُ مَنْ أَتْبَعَ نَفْسَهُ هَوَاهَا وَتَمَنَّى عَلَى اللهِ (رواه أحمد)

Wong cerdas yo iku wong kang ngitung-ngitung diri lan ngamal kanggo sak wise mati. Wong lemah (apes) yo iku wong kang nuruti nafsune lan arep-arep barang muhal marang Alloh.(HR. Ahmad).

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait