Naskah Khutbah Jum’at Bahasa Jawa Terbaru PDF 2021: Jangan Bicara Tanpa Ilmu

Ilustrasi Ilmu
Ilustrasi Ilmu

Khutbah jum’at singkat padat berikut ini bahasa Jawa dengan format PDF. Teks Khutbah jum’at mengangkat judul jangan bicara tanpa ilmu. Khutbah berikut ini cocok dibawakan pada hari Jum’at Kliwon tanggal 27 Agustus 2021.

Materi khutbah ini ditulis oleh Ustadz Nur Rohmad, seorang Pemateri/Peneliti di Aswaja NU Center PWNU Jawa Timur dan Ketua Bidang Peribadatan & Hukum, Pengurus Daerah Dewan Masjid Indonesia Kab. Mojokerto.

Bacaan Lainnya

Download materi khutbah versi PDF pada link yang sudah disediakan, semoga bermanfaat.

KHUTBAH JUM’AT PERTAMA

اَلْحَمْدُ لِلهِ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِالْإِصْلَاحِ، وَحَثَّنَا عَلَى الصَّلَاحِ، وَبَيَّنَ لَنَا سُبُلَ الْفَلَاحِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُ اللهِ وَرَسُولُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَى أَلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ  

أَمَّا بَعْدُ، فَأُوْصِيْكُمْ عِبَادَ اللهِ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ، قَالَ تَعَالَى: فَاتَّقُوا اللهَ وَأَصْلِحُوا ذَاتَ بَيْنِكُمْ وَأَطِيعُوا اللهَ وَرَسُولَهُ إِنْ كُنْتُمْ مُؤْمِنِينَ

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

Saking nginggil mimbar jum`at khatib wasiat dateng kito sedoyo, utaminipun dateng badan khatib piyambak, sumonggo tansah berusaha ambudidoyo ningkataken ketakwaan dateng Alloh ta’ala, kanti nindaaaken sedoyo kewajiban lan nebihi sedoyo perkawis ingkang dipun haramaken.

Wonten kesempatan khutbah siang meniko, kawulo bade ngaturaken pentingipun njagi amanah ilmu.

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

Ilmu meniko perkawis ingkang dipun titipaken Alloh dateng kito, pramilo meniko kito wajib njagi kanti amanah. Amanah dateng ilmu artosipun kito ngupados ilmu kanti coro ingkang leres, kito pahami kanti pemahaman ingkang leres lan kito sampaiaken kanti leres.

Pados ilmu kanti coro ingkang leres artosipun belajar ilmu puniko saking guru ingkang dipun percados lan kagungan sanad keilmuan ingkang nyambung dateng Rosululloh shallalahu alaihi wasallam. Memahami ilmu kanti pemahaman ingkang leres artosipun memahami sesuai kaliyan pemahaman poro ulama ahlussunnah wal jamaah. Dene ingkang dipun maksud nyampaiaken ilmu kanti leres inggih meniko ilmu ingkang sampun dipun sinahoni dipun sampaiaken sesuai kaliyan nopo ingkang sampun dipun sampaiaken poro ulama. Mboten dipun tambahi, dipun kurangi utawi dipun selewengaken.

Njagi amanah bondo meniko penting, ananging njagi amanah ilmu meniko langkung penting. Kosok wangsulipun, menawi mboten amanah dateng ilmu (khiyanat dateng ilmu) dampak-ipun langkung ageng lan bebayani tinimbang khiyanat ingdalem babakan bondo.

Minggu meniko, kito dipun suguhi berita babakan kasus penipuan ingkang dipun lampahi deneng salah setunggalipun toko online. Kanti iming” diskon ngantos 90% korbanipun ngantos atusan tiyang, kerugianipun dipun taksir langkung saking 17 milyar. Menikolah conto khianat dateng bondo, menawi mboten amanah dateng bondo dampak- ipun saged kados mekaten.

Khianat dateng ilmu dampakipun langkung ageng lan langkung bahaya. Menawi khianat dateng bondo senahoso saged ndadosaken kerugian, ananging namung kerugian ingkang sifatipun duniawi ingkang sementara. Dene kerugian ingkang dipun sebabaken khianat ilmu kerugianipun arupi kerugian ukhrowi ingkang ndadosaken sengsoro ingdalem akherat.

Hadirin jama’ah shalat Jum’at yang berbahagia,

Tiyang ingkang khianat ateges mboten amanah ingdalem babakan ilmu saged dados sumber bencana kagem tiyang katah. Nyampaiaken ilmu kanti srampangan lan nuruti howo nafsu meniko salah setunggalipun bentuk khianat dateng ilmu. Hal meniko saged dadosaken tiyang katah terjerumus ingdalem kesesatan. Malah saged ugi ngantos jutaan tiyang nglampahi doso ageng akibat mboten amanah ingdalem ilmu. Ingkang nguwatosaken malih, mungkin ugi katah tiyang ngantos murtad lan mati ingdalem kekufuran, na`udzu billahi min dzalik.

Hadirin rahimakumullah,

Pos terkait