Teks Khutbah Jumat Terbaru PDF: Keutamaan dan Peristiwa di Bulan Dzulqadah (B. Jawa)

Ilustrasi bulan Dzulqadah
Ilustrasi bulan Dzulqadah

Secara umum panyebatan kawan sasi haram punika wonten lebet firman allah swt (QS. at taubah [ 9 ] : 36):

 إِنَّ عِدَّةَ الشُّهُورِ عِنْدَ اللَّهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِي كِتَابِ اللَّهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ ذَلِكَ الدِّينُ الْقَيِّمُ فَلَا تَظْلِمُوا فِيهِنَّ أَنْفُسَكُمْ

Bacaan Lainnya

Hadirin rahimakumullah..

Abdullah bin Abbas njlentrehaken bab ayat punika kaliyan nyatakaken: “Sampun ngantos siro kabeh nganiaya dhiri ing sadayaning sasi. Lajeng dipunkhususaken saking sadayaning sasi punika sekawan sasi. Sekawan sasi punika dipundadosaken sasi mulia ingkang kemuliaanipun diagungaken, lan dosa saking lampahan maksiat ditikelaken saha pahala amal shalih ingkang dipunlampahaken ing bulan-bulan punika ugi ditikelaken”.

Jamaah sidang jum’at rahimakumullah,

Wondene keutamaan-keutamaan sasi Dzulqa’dah ing antawisipun:

Pertami, sasi dzulqa’dah kelebet sasi haram, sakepripun sampun dipunsebataken. sakepripun dipunsebataken dening Imam At-Thabari lebet tafsiripun, menawi Dzulqa’dah dipundadosaken sasi ingkang mulia lan dipun-agungaken kehormatanipun.

Sasi mulia nan agung tegesipun inggih punika, bilih salah setunggaling tiyang lagi wonten ing sasi punika, mila amalan-amalan ingkang sae badhe dilipatgandakan pahalanipun, dene amalan-amalan ingkang awon ugi badhe dilipatgandakan dosanipun.

Kaping kalih, sasi dzulqa’dah ugi termasuk salah setunggal saking bulan-bulan kaji (asyhrul hajj) ingkang dipunjlentrehaken dening allah swt lebet Firman-ipun :

 ٱلْحَجُّ أَشْهُرٌ مَّعْلُومَٰتٌ ۚ (البقرة [ ٢ ] : ١٩٧)

“(Musim) kaji iku ing bulan-bulan kang wis dimaklumi (tentokake)” (QS. Al-Baqarah: 197).

 Lebet tafsir Ibnu Katsir dijelasaken menawi Asyhurum ma’lumaat (sasi ingkang sampun dipun ngertosi) inggih punika sasi ingkang mboten sah Ihram kangge menunaikan kaji kejawi ing bulan-bulan punika, inggih punika: sasi sawal, dzulqa’dah lan besar.

Kaping tiga, Dzulqa’dah ugi diagungkan amargi lebeting sasi kasebat, Allah subhanahu wa ta’ala nglarang manungsa kangge berperang kejawi umat islam diserang langkung rumiyin.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait