Teks Khutbah Jumat Terbaru PDF: Keutamaan dan Peristiwa di Bulan Dzulqadah (B. Jawa)

Ilustrasi bulan Dzulqadah
Ilustrasi bulan Dzulqadah

Perlu dipunemut-emut bilih Islam nglarang umat manungsa lampah kerusakan, kekerasan, punapa malih peperangan. Maksud diturunaken agami Islam inggih punika kangge njagi agami, akal, keturunan, banda, jiwa. Sawentawis peperangan saget ndamel icalipun nyawa, dhawahipun korban, icalipun banda, lan sanesipun.

Menawi kepeksa kedah berperang, amargi umat Islam diserang rumiyin, utawi dipun-usir saking kampung halamanipun, mila nilai-nilai kemanusiaan kedah tetep dipunjaga, antawiipun; mboten mejahi tiyang sepuh, estri, utawi lare alit, para rahib lan pendeta.

Bacaan Lainnya

Mboten ugi ngrusak bangunan, tanduran lan mpun ngantos nyiksa tawanan lan tiyang-tiyang ingkang sampun nyerah. Mekatenlah indahipun Islam, ingkang mucalaken perdamaian. islam sanes agami kekerasan, punapa malih ngengken umatipun dados teroris.

Jamaah sidang jum’at rahimakumullah,

Kaping sekawan, Imam as-sa’di njlentrehaken kala allah swt badhe nyempurnakaken nikmat ingkang sampun dipunsukakaken dhateng Nabi Musa alaihi salam kaliyan ngandhapaken firman-firman-ipun. Allah SWT berjanji dhateng Nabi Musa alaihi salam kangge wicanten kalih piyambakipun salami tigang dasa dalu ing sasi dzulqa’dah, dipuntambah sedasa dalu ing wiwiting sasi dzulhijjah.

Kaliyan nikmat ingkang ageng punika lah, para pengikut Nabi Musa berjanji kangge mboten nglampahaken kemaksiatan salami Nabi Musa kesah nampi wahyu, sakepripun firman allah subhanahu wa ta’ala:

 وَوَٰعَدْنَا مُوسَىٰ ثَلَٰثِينَ لَيْلَةً وَأَتْمَمْنَٰهَا بِعَشْرٍ فَتَمَّ مِيقَٰتُ رَبِّهِۦٓ أَرْبَعِينَ لَيْلَةً ۚ وَقَالَ مُوسَىٰ لِأَخِيهِ هَٰرُونَ ٱخْلُفْنِى فِى قَوْمِى وَأَصْلِحْ وَلَا تَتَّبِعْ سَبِيلَ ٱلْمُفْسِدِينَ (الاعراف [ ٧ ] : ١٤٢)

Artosipun: “Lan wis kita janjikan marang musa (kanggo menehake taurat) sawise liwat wayah telung puluh wengi, lan kita sampurnakake cacahing wengi iku karo sepuluh (wengi maneh).” (QS. Al-a’raaf: 142).

Nanging kenyataanipun, sasampunipun Nabi Musa alahi salam kesah kangge nampi wahyu, piyambakipun sedaya malah bermaksiat kaliyan ndadosaken patung anak lembu dados sesembahan.

Kaum Bani Israel sampun nglanggar janjinipun piyambak, mila Allah murka/bendu amargi ulah lampahanipun piyambak.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait