Materi Khutbah Jumat Tahun Baru Islam NU PDF: Arti Hijrah Kepada Allah dan Rasulallah (B. Jawa)

ilustrasi hijrah 1 muharram
Ilustrasi Hijrah 1 Muharram

Wonten syarah Sunan Abi Dawud dipun jelasaken bilih tiyang Islam sejati niku mboten bade ngelarani sederek muslim lintune kelawan lisan lan tangane. Amergi saking lisan saget medal guneman olo, lan saking tangan saget medal tulisan ugi tindakan olo.

​​​​​​​Lajeng maknane hijrah nggih meniko pindah saking perkawis olo marang perkawis ingkang sae, ninggal sedoyo cecegahan Gusti Allah tumuju marang tindak lampah ingkang dipun ridoi Gusti Allah, ugi istiqamah ngabekti marang Gusti Allah, sehinggo nggadah iman ingkang kuat.

Bacaan Lainnya

Hadirin Ingkang Sami Bahagio

Sakmangke wulan Dzulhijjah bade telas lan mlebet wulan Muharram, setunggale wulan ingkang mulyo lan dados tahun barune umat Islam, tahun baru hijriah.

Kito sedoyo dipun imutaken supados nindakaken amal kesaenan, lisan lan tangan dipun jogo saking ngelampahi keawonan.

​​​​​​​Pramilo, monggo sami ningkataken amal kesaenan lan njungkung ibadah dumateng Gusti Allah, keranten wulan Muharram nggadah kautaman ingkang katah sanget. Ampun ngantos kito angguraken mboten wonten kesaenan babar pisan.

Abu Nu’aim ing kitab Hilyatul Auliya’ juz 9 halaman 269 negesaken:

مَنْ كَانَ يَوْمُهُ مِثْلَ أَمْسِهِ فَهُوَ فِي نُقْصَانٍ  

​​​​​​​Artosipun: Sopo wonge dino iki kahanane podo karo dino wingi, mongko piyambake wonten kekirangan

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait