Khutbah Jumat Bahasa Jawa NU Online Singkat Padat 7 Menit PDF: Orang Yang Suka Menolong Sesama (B. Jawa)

Ilustrasi Saling Tolong Menolong
Ilustrasi Saling Tolong Menolong

Kanjeng Nabi Muhammad saw ugi paring dhawuh babagan tetulung menika. Wonten ing salah setunggal hadist, Kanjeng Nabi dhawuh:

   عَنْ أَبِيْ هُرَيْرَةَ رَضِيَ اللَّهُ عَنْهُ عَنِ النَّبِيِّ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ قَالَ مَنْ نَـفَّسَ عَنْ مُؤْمِنٍ كُـرْبَةً مِنْ كُرَبِ الدُّنْيَا، نَـفَّسَ اللهُ عَنْهُ كُـرْبَةً مِنْ كُـرَبِ يَوْمِ الْقِيَامَةِ  

Bacaan Lainnya

Saking Sahabat Abu Hurairah ra, Nabi Muhammad saw paring dhawuh: Sapa wonge kang jembarke (aweh tulung) marang wong mukmin liya kang nandang kesusahan, mangka Gusti Allah bakal jembarke (aweh pitulungan) marang wong mau ana ing Dina Kiamat. (HR Muslim).

Tiyang ingkang seneng tetulung, insyaallah bakal angsal ganjaran ingkang ageng. Wonten ing lanjutan hadist menika, dipun sebataken, sapa wonge kang gampangke urusan wong liya, bakal digampangake urusane ana ing Dunya lan Akhirat.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah

Ing dalem hadist sanese, Kanjeng Nabi ugi paring pangandikan. Bilih wong kang becik, inggih punika wong kang migunani (aweh manfaat) dhateng wong liya. Aweh manfaat utawi tetulung punika, saget arupi bandha, tenaga, pikiran, utawi paling enteng inggih punika dukungan moril lan dunga.  

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait