Kados dene ingkang kula aturaken wonten ing pambuka khutbah punika. Bilih sampun dados kewajiban kita ing dalem ngedalaken raos syukur kita dhateng sedaya peparing nikmat saking Gusti Allah. Langkung-langkung, Gusti Allah ugi sampun negesaken walesane marang wong kang syukur utawi kufur nikmat:
وَإِذْ تَأَذَّنَ رَبُّكُمْ لَئِن شَكَرْتُمْ لَأَزِيدَنَّكُمْ ۖ وَلَئِن كَفَرْتُمْ إِنَّ عَذَابِى لَشَدِيدٌ
Artosipun: “Lan elinga, nalika Gusti Allah meruhake marang sira kabeh kang surasane: Sayektine yen sira kabeh padha syukur, Ingsun (Allah) mesti paring tambahan nikmat marang sira kabeh. Lan menawa sira kabeh padha kufur. Awas! saktemene siksa Ingsun (Allah) iku banget larane,” (QS Ibrahim ayat 7)
Pramila, supados kita angsal tambahe peparing nikmat lan tebih saking siksane Gusti, manggaha kita tansah padha syukur. Bilih nikmat saking Allah menika arupi kathah sanget. Salah setunggale inggih punika nikmat kita sedaya dipun dadosaken tiyang utawi bangsa ingkang merdeka.
Kita saget dados tiyang utawi bangsa ingkang merdeka, ugi jalaran jasanipun saking para pahlawan, ingkang sampun toh nyawa, berjuang kagem kemerdekaan bangsa lan nagari.
Pramila sampun sakmestine menawi kita ngaturake maturnuwun utawi raos syukur dhumateng para pahlawan. Kanjeng Nabi Muhammad saw sampun paring dhawuh, wonten ing hadits ingkang dipun riwayatake saking sahabat Abu Hurairah ra:
لاَ يَشْكُرُ اللَّهَ مَنْ لاَ يَشْكُرُ النَّاسَ
Artosipun: “Durung (diarani) syukur marang Allah, sapa wonge kang ora syukur (maturnuwun) marang (sapadha) manungsa,” (HR Imam Abu Dawud lan Ahmad)
BACA HALAMAN BERIKUTNYA..