Khutbah Jumat Bulan Syawal PDF: Makna Puasa dalam Kehidupan Sehari-hari (Bahasa Jawa)

ilustrasi khutbah jumat
ilustrasi khutbah jumat

Upaminipun, dhahar lan unjuk menika halal nanging dilarang dening Allah. Lajeng hubungan suami istri halal nanging dilarang dening Allah.

Hadirin rahimakumullah, menika mboten semata amargi ngendalikaken hawa nafsu mawon, nanging kados pundi kita taat kaliyan dhawuh Allah SWT. bilih kita taat kaliyan dhawuh menika mila kelebet لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ

Bacaan Lainnya

Hadirin rahimakumullah,

Makna ingkang kaping kalih, kepedulian sosial: Wekdal kita ngraosaken luwe lan ngelak, kita dipunemutaken kagem perduli kaliyan tiyang-tiyang ingkang kirang begja wonten antawising kita.

Lantaran perintah siyam, secara mboten langsung kita dipunsuwun dening Allah supados ngraosaken kados pundi penderitaan sadherek kita ingkang kirang mampu.

Kagem dhahar sadinten-dinten susah, pados pandamelan susah, dereng malih ingkang sakit-sakitan (mboten saged nyambut damel nanging kebutuhan tansah bertambah) lan sanes sanesipun.

Tiyang-tiyang ingkang susah menika lah ingkang dados ladang pahala kagem kita. Kita bantu tiyang-tiyang menika, kita paringi sedekah, lantaran menikalah pahala badhe ngentosi kita wonten akhirat benjang.

Hadirin rahimakumullah,

Makna siyam ingkang pungkasan, kedisiplinan lan keistiqamahan: Siyam ngajaraken kita kagem disiplin lebet njagi wekdal, nggih lebet ibadah utawi aktivitas sabendinten.

Sadar utawi mboten sadar, aktifitas kita sadangu sasi pasa berjalan kaliyan teratur (disiplin).

Saben enjing jam 3 kita tangi kagem sahur, lajeng shalat subuh berjamaah, siyang aktifitas kados biasanipun, wekdal maghrib kita buko, sasampunipun menika nindakaken shalat tarawih berjamaah, tadarus lan sanesipun. Rutinitas menika kita tindakaken sadangu sa sasi kebak.

Menika paring piwucalan dhateng kita kagem disiplin lebet ngatur wekdal lan istiqamah lebet nindakaken ibadah.

Hadirin rahimakumullah,

Pramila, sumangga kita jagi disiplin kita lebet ngatur wekdal. Kita jagi istiqamah lebet ibadah. Kita pertahanaken ngantos pasa ingkang badhe dateng.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait