Ndonga inggih menika salah setunggal amaliyah ingkang saben dinten dipuntindakaken, minimal setiap nindakaken shalat fardhu. Donga dados salah setunggal cara pendekatan dhiri makhluk dhateng Allah SWT. Donga saget dadosaken panggalih tenang.
Keranten menikalah, donga termasuk sebagian saking inti ibadah (mukhul ‘ibadah), keranten panggalih setunggaling tiyang ingkang ndonga dhateng Allah SWT seyogianipun dipunkebaki kesadaran menawi mboten wonten malih papan ngajeng-ajeng kejawi naming Allah SWT.
Menikalah intinipun tauhid lan inti saking keikhlasan. Saben donga ingkang kita panjataken dhateng Allah SWT mesthi badhe dipunwangsuli utawi dikabulaken Allah, nanging masalah wekdalipun Allah ingkang nemtukaken.
Sakepripun Allah Firmankan lebeting Al-Qur’an Serat al-Baqarah Ayat 186:
أُجِيبُ دَعْوَةَ ٱلدَّاعِ إِذَا دَعَانِ
Artosipun: “Ingsun (Allah) mengabulake panjaluk wong kang ndonga yen piyambake nyuwun marang ingsung (Allah).”
Nanging kenyataanipun, kenging menapa kathah tiyang ingkang ndonga nyuwun dhateng Allah nanging mboten dipunkabulaken?! Mila mboten sakedhik ing antawis kita ingkang tanglet, menapa Allah mboten nepati janji-ipun? Menapa amargi klentu ndonga, utawi wonten hal ingkang ngalangi dungo-dungo kita?
Hadirin jamaah jemuwah rahimakumullah,
Kagem mangsuli pitakenan wonten inggil, kintenipun kita saged bermuhasabah lewat criyos ingkang dipunaturaken langsung dening Rasulullah Saw:
ثُمَّ ذَكَرَ الرَّجُلَ يُطِيْلُ السَّفَرَ أَشْعَثَ أَغْبَرَ يَمُدُّ يَدَيْهِ إِلَى السَّمَاءِ ياَ رَبِّ يَا رَبِّ وَمَطْعَمُهُ حَرَامٌ وَمَشْرَبُهُ حَرَامٌ وَمَلْبَسُهُ حَرَامٌ وَغُذِّيَ بِالْحَرَامِ فَأَنَّى يُسْتَجَابُ لَهُ
Artosipun: “Banjur panjenenganipun (Rasulullah) nyebutake ana wong kang nglakoni perjalan adoh ing kahanan kumel lan berdebu. Dheweke nyadong tangan lorone menyang langit karo ngucap ‘ya rabbi ya rabbi (wahai pengeranku, wahai pengeranku’), padahal panganane haram, minumane haram, sandhangane haram lan kebutuhane dikebaki saka apa-apa kang haram, mula (menawa mangkono kahanane) kepriye dongane arep dikabulne.” (HR Muslim).
BACA HALAMAN BERIKUTNYA..