Khutbah Jumat Singkat PDF: Mengapa Doa Kita Tidak Terkabul? Ini Penyebabnya (Bahasa Jawa)

Ilustrasi Berdoa
Ilustrasi Berdoa

Menawi kita ningali criyos wonten ing inggil, kadospundi tiyang jaler ingkang dipuncriyosaken Rasulullah kedahipun sampun memenuhi sekawan syarat dikabulaken donga, inggih menika tiyang ingkang perjalanan tebih, sandangan ingkang kusut lan kondisi ingkang lelah, asta kekalihipun nyadong dhateng langit, lan estu ngajeng-ajeng dhateng Allah kaliyan ngucap Ya Rabb.

Nanging kasunyatanipun hal menika dereng cekap supados donganipun dipunkabulaken. Mila, hadits menika maringaken isyarat ingkang jelas sanget menawi wonten bab-bab ingkang saged ngalangi kabulipun donga, inggih menika mengonsumsi ingkang haram arupi dhaharan, minumam, bahkan pakaian.

Bacaan Lainnya

Bab menika cocok kaliyan ingkang dipundhawuhaken Allah dhateng tiyang-tiyang ingkang beriman supados mengonsumsi ingkang halal.

 يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا كُلُوْا مِنْ طَيِّبٰتِ مَا رَزَقْنٰكُمْ وَاشْكُرُوْا لِلّٰهِ اِنْ كُنْتُممْ اِيَّاهُ تَعْبُدُوْنَ

Maknanipun: “Wahai wong-wong kang beriman! Mangano saka rezeki kang becik kang Ingsung (Allah) wenehake marang siro lan syukuro marang Allah, yen siro mung nyembah dhateng Allah.” (QS. Al-Baqarah: 172).

Terkait kaliyan bab kasebat, wonten ugi salah setunggal riwayat bilih Sa’Ad bin Abi Waqash nate nyuwun dhateng Rasulullah “wahai rasulullah, nyuwunaken dhateng allah supados dungo kula musatajab (dipunkabulaken).” Rasulullah banjur ngendika:

 يَا سَعد، أَطِبْ مَطعَمَكَ، تَكُنْ مُسْتَجَابَ الدَّ عوَة

Artosipun: “Wahai sa’ad, dandani pangananmu (miliho kang halal), niscaya dongomu mustajab (dikabulne).”

Hadirin jamaah jemuwah rahimakumullah,

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait